+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 11 Juli 2023 Minggu Limrah X

Purwaning Dumadi 29:1-14; Musthikaning Kidung 2:8-13; Rum 3:1-8

GUSTI ALLAH KANG ADIL

Nanging manawa duraka kita iku nelakake kabeneraning Allah, banjur apa kang bakal padha kita kandhakake? Apa Gusti Allah padha kita anggep ora adil yen ta ngetingalake anggone bendu? Calathuku iki cara manungsa.Mesthi bae ora! Yen mangkono kapriye Gusti Allah anggone arep ngadili jagad?

(Roma 3:5-6)

Wonten satunggaling siswa Sekolah Dasar ingkang sangaja mboten nggarap tugas saking gurunipun. Piyambakipun namung mesem sumerep kanca-kancanipun mbudidaya kanthi temen anggenipun nggarap tugas. Lare wau rumaos yakin  gurunipun mboten badhe ndukani piyambakipun. Kenging punapa? Jebul  guru punika bapakipun piyambak. Ananging pamawas lare punika lepat.  Gurunipun tetep ndukani lan ngukum piyambakipun.

Umat kagunganipun Gusti Allah nggadhahi kaunggulan manawi kabandhingaken kaliyan bangsa sanesipun. Mboten karana kapinteranipun, nanging awit saking timbalanipun Gusti Allah ingkang kaparingaken supados dados umat ingkang saged dados lantaraning berkah tumrap bangsa sanes. Lajeng kados pundi ingkang dumados, manawi umat kagunganipun Gusti Allah punika mboten saged nindakaken rancangan saha karsanipun Gusti? Punapa saged jalari katresnan lan kasetyanipun Gusti Allah punika mboten maujud ing gesangipun umat manungsa? Pranyata mboten. Sih katresnan lan kasetyanipun tetep maujud, kapara sih rahmat saha pangapuntening dosa kaparingaken tumrap manungsa dosa. Gusti Allah estu setya. Kasetyaning Gusti Allah nglangkungi dosanipun manungsa. Temtu mboten ateges manungsa saged tumindak sapikajeningipun piyambak, nglirwakaken jejibahan minangka umat kagunganipun Gusti Allah.

Punapa ingkang dipun ngandikakaken dening Rasul Paulus wonten ing waosan kita, ngengetaken bilih Gusti Allah punika adil. Mila Panjenenganipun temtu badhe paring paukuman tumrap sedaya manungsa ingkang dosa. Manawi mekaten, Gusti Allah paring bebendu dhateng manungsa, ing pundi dununging katresnanipun Gusti Allah?  Kita sampun pitados bilih Gusti Allah sampun ngutus kang Putra onthang-onthing Gusti Yesus, minangka gantosing manungsa. Punika kaadilanipun Gusti Allah ingkang sampun nyata lan sampun maujud. I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ