+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 10 Juli 2023 Minggu Limrah X

Purwaning Dumadi 27:30-46; Musthikaning Kidung 2:8-13; Rum 1:8-25

WONG BENER KUWI URIPE SAKA PRACAYA

Sabab ing kono kalairake kabeneraning Allah, kang metu saka ing pracaya

 lan nuntun marang pracaya, kaya kang katulisan, wiraose:

Wong kang bener iku bakal urip saka pracaya

(Rum 1:17)

Minangka manungsa dosa ingkang saestu ringkih sarta winates, asring rumaos ewed kangge mitadosi satunggaling bab ingkang mboten kita mangertosi piyambak. Ananging Gusti Yesus nimbali kita supados kita nggadhahi piandel dhumateng Panjenenganipun ing sadhengah kawontenan tanpa pawadan punapa kemawon. Pitados dhumateng Gusti Yesus punika kedah dipun cakaken wonten ing gesang padintenan, murih kita pikantuk berkah saha kawilujengan. Mila piandel punika kedah tuwuh ngrembaka. Kita ugi mbetahaken pitulunganipun Gusti Allah supados kita saged nggadahi piandel ingkang kiyat.

Nalika kita nembe ngraosaken karibedan, kita kedah mujudaken iman pitados bilih kita nggadhahi Gusti Allah ingkang Maha Agung. Gesangipun tiyang pitados, kedah wonten ing salebeting panuntun lan pangrehipun Gusti Allah. Tegesipun manut ing sakarsanipun Gusti Allah. Gesang tanpa tinuntun ing karsanipun Gusti Allah ateges mboten pitados lan ugi mboten mratelakaken bab kayekten. Kanthi mekaten, pitados ateges mujudaken tumindak ingkang cundhuk kaliyan karsanipun Gusti. Punika iman pitados ingkang leres, kados ingkang sampun katindakaken dening Rama Abraham.

Sumangga, kita ingkang sampun pitados saha ngakeni bilih Gusti Yesus punika Juru Wilujeng, kita tansah gesang dados tiyang ingkang leres.  Ayat nats kita ngengetaken kita sadaya, “Sabab ing kono kalairake kabeneraning Allah, kang metu saka ing pracaya lan nuntun marang pracaya, kaya kang katulisan, wiraose: Wong kang bener iku bakal urip saka pracaya.  Kita mboten namung remen nampi berkah lan sih rahmat kawilujengan tanpa nggetuni dosa lan duraka. Kita kedah sinau saking kalepatan kita, pasrah dhumateng Gusti Allah, kanthi laku gesang ingkang leres lan pitados dhumateng Sang Kristus. I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ