+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 12 Juli 2023 Minggu Limrah X

Purwaning Dumadi 29:31-35; Musthikaning Kidung 2:8-13; Yokanan 13:1-17

KATIMBALAN KANGGE LELADOS

Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sawijining abdi iku ora ngungkuli bendarane, utawa sawijining utusan iya ora ngungkuli kang ngutus. (Yokanan 13:16)

Ngajengaken pesta demokrasi inggih punika pemilihan umum sae punika pilkada punapa dene pilpres, asring wonten kadadosan rebatan kalenggahan (perebutan kursi). Maneka warni pambudidaya supados saged pikantuk kalenggahan. Contonipun, wonten tiyang ingkang rila ngedalaken arta milyaran rupiah supados saged pikantuk kursi utawi kalenggahan nuju wonten ing istana. Ing pundi-pundi tiyang sami remen rebatan kursi utawi kalenggahan: wonten ing partai politik, wonten ing perusahaan, kapara ugi wonten ing pasamuwan. Sadaya kaangkah saged dados tiyang ingkang pinunjul, dipun urmati dening tiyang kathah. Nanging Gusti Yesus ngandika bilih tiyang pitados kedah nggadhahi patrap ingkang andhap asor ing gesangipun. Kita katimbalan dening Gusti kanthi maneka warni kanugrahan ingkang bedha-bedha. Sanadyan mekaten sampun ngantos dumados pasulayan, cecongkrahan. Gusti Yesus ngersakaken supados kita saged migunakaken sadaya kanugrahan kangge pirantos lan kangge jangkepi ayahan peladosan. Sadaya katindakaken kagem kaluhuran asmanipun Gusti Allah.

Tumrap gesang wonten ing bebrayan agung, sae punika ing satengahing brayat, pasamuwan punapa dene ing satengahing masyarakat, bangsa lan nagari, kabetahaken kasanggeman kangge lelados dhateng saben tiyang. Mboten mbeda-mbedakaken, murih saged sesarengan tuwuh gesang ingkang kebak tentrem rahayu. Mbangun gesang pasedherekan ingkang tansah raket lan rumaket. Nindakaken jejibahanipun tanthi suka bingah ing manah lan kanthi tanggel-jawab. Gusti Yesus sampun paring dhawuh saha tuladha dhateng para kagunganipun supados sami ngladosi. Ing Injil Yokanan 13:14 Gusti Yesus ngandika: ”Dadi manawa Aku iki kang dadi Gusti lan Gurumu wus ngwisuhi sikilmu, dadi kowe iya padha kuwajiban wisuh-winisuhan sikil” Dipun tandesaken  ing ayat 16, mekaten, ”Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sawijining abdi iku ora ngungkuli bendarane, utawa sawijining utusan iya ora ngungkuli kang ngutus.” I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ