+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 13 Juli 2023 Minggu limrah X

Pangentasan 3:1-6 ;  Jabur 119:105-112;  Rum 2:12-16

TIYANG INGKANG LERES

Amarga wong kang bener ana ing ngarsane Gusti Allah iku dudu

kang ngrungokake angger-anggering Toret, nanging kang netepi

 angger-anggering Toret(Rum 2:13)

Wonten pitakenan kangge kita sadaya mekaten: pundi ingkang langkung gampil, dados tiyang ingkang sae punapa dados tiyang ingkang leres? Temtunipun langkung gampil dados tiyang sae katimbang dados tiyang ingkang leres. Sabab sae punika dereng tamtu leres. Ananging leres punika mesti sae. Dados tiyang leres ateges kagungan tekad saha wantun nrajang arus ingkang lelawanan kagem kaluhuran asmanipun Gusti Allah.

Tiyang ingkang leres, wantun ngadhepi lan nampi panyaruwe, sadaya patraping gesang adhedhasar ing kayekten. Ingkang asring njalari tiyang mboten sumadya dados tiyang ingkang leres inggih punika raos ajrih dipun sengiti, dipun singkiri, kaancam, lan sapiturutipun. Mila ing kasunyataning gesang, para tiyang pitados langkung sumadya nampi lan pitados Gusti Yesus ingkang misuwur awit kasaenanipun katimbang Gusti Yesus ingkang dipun sengiti awit kayektenipun. Tetalesing kasanggemanipun para tiyang pitados tetep setya tuhu lan bekti dhumateng Gusti Yesus, inggih punika awit saking katresnan lan pangurbananipun Sang Kristus. Nanging sampun ngantos lepat anggenipun kita mawas bilih patrap ingkang leres dados tiket kangge sapikajengipun sami atur pangandikan, ngakimi tiyang sanes ingkang kaanggep lepat. Kanthi gumunggung ngukumi tiyang sanes, nanging supe dhateng kekiranganipun piyambak.

Rasul Paulus ngengetaken dhateng kita: “Amarga wong kang bener ana ing ngarsane Gusti Allah iku dudu kang grungokake angger-anggering Toret, nanging kang netepi angger-anggering Toret” (Rum 2:13). Tiyang ingkang leres kedah nindakaken kanthi nyata dhawuhipun Gusti Allah wonteng gesang padintenan. Awit saking punika sampun samesthinipun kita mawas dhiri lan nggadhahi patrap andhap asor. Sumangga, kita sami mbudidaya dados tiyang ingkang leres wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. Pitadosa bilih kita punika mboten piyambakan, Sang Roh Suci tansah paring pitulungan dhateng tiyang ingkang gesangipun mbangun turut dhumateng Gusti Allah. I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ