+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah 14 Juli 2023 Minggu Limrah X

Pangandaring Toret 32:1-10 ; Jabur119:105-112; Rum 15:14-21

KAYEKTEN LAN KAADILANIPUN GUSTI ALLAH

Gunung Parang, kang sampurna pakaryane, jejeg sakehe margine;

 marga Gusti Allah kang setya-tuhu, ora ana kaculikane,

Panjengane iku bener lan adil.

(Pangandaring Toret 32:4)

Mirsani pamawasipun tiyang kathah, kayekten punika kahanan ingkang cocok kaliyan kasunyatan, utawi leres tata lair lan batosipun.  Kayekten ugi dipun tegesi jejeging manah, jujur, kados karenan. Wonten ing diri pribadinipun umat manungsa, sayektosipun wonten raos kaadilan. Sanajan manungsa nggadhahi raos kaadilan, nanging sayektosipun dosa lan duraka sampun njalari kaadilanipun manungsa punika sirna. Ing waosan kita wekdal punika, nabi Musa paring piwulang satunggaling kekidungan ingkang ngemu suraos bab piwulang-piwulang lan pitedah ingkang wigati, saderengipun umat Israel lumebet ing tanah prasetyan. Satunggaling bab ingkang karembag inggih punika kayekten lan kaadilanipun Gusti Allah.

Kaping sepisan, nabi Musa ngengetaken bilih kaadilanipun Gusti Allah punika mahaluhur. Umatipun Gusti Allah kedah nggadhahi pengaken lan pratap sumarah dhateng kaadilanipun Allah, temah nggadhahi pengajeng-ajeng wonten ing Gusti. Kaping kalih; Kaadilanipun Gusti Allah punika ingkang dados tetalesing piandelipun umat, awit Panjenenganipun dados redi parang wonten ing pakaryanipun ingkang sampurna. Redi parang inggih punika mratelakaken minangka pangayoman ingkang santosa lan mboten ewah gingsir. Mila pakaryanipun Gusti Allah punika saestu sampurna. Kaping tiga; Kaadilanipun Gusti Allah tansah mratelakaken kayekten. Kaadilanipun Gusti tansah lumampah sesarengan kaliyan kayektenipun. Kaadilanipun Gusti Allah kapara lumampah sesarengan kaliyan katresnanipun. Awit saking punika, kita kedah sadar lan ngrumaosi bilih nalika kaadilanipun Gusti Allah kita andelaken wonten ing gesang kita, mila kita ugi kedah nggadhahi patrap ingkang adil dhateng sesami kita. Sampun ngantos damel kapitunanipun ngasanes. Ngapusi, pitenah, culika lan sanesipun kedah katebihaken saking gesang kita. Dayaning dosa sampun ngantos nguwaosi gesang kita malih. I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ