+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 16 Juli 2023 Minggu Limrah XI

P. Dumadi 25:19-34; Jabur 119:105-112; Rum 8:1-11; Mateus 13:1-9, 18-23

MBOTEN WONTEN PAUKUMAN MALIH

Sang Roh, kang paring urip, wus ngluwari kowe kabeh ana ing Sang Kristus, saka angger-anggering dosa lan angger-anggering pati

(Rum 8:2)

Wonten ing serat Rum, kita saged maos lan sumerep wonten kalih karajan ingkang kalandhesaken ing pranatan utawi angger-angger ingkang lelawanan. Sepisan, angger-angger ing karajaning iblis. Inggih punika angger-angger ingkang njalari dosa lan pejah. Kaping kalih, angger-angger wonten ing Kratoning Allah. Inggih punika angger-anggering Roh ingkang maringi gesang wonten ing Sang Kristus. Samangke kita mboten kawengku malih ing panguwaos lan angger-anggering iblis. Ananging sampun kaluwaran saking panguwaosing iblis, tumuju dhateng Kratoning Allah utawi Kratoning Swarga. Bab punika dumados amargi kita sampun kasucekaken lumantar rahipun Gusti Yesus. Kita sampun sinengker lan katimbalan supados gesang kita kagem Panjenenganipun. Supados sangsya bakuh lan sangsaya kiyat anggen kita lumampah ing margining karahayon, kita kedah tansah sinau bab pangandikanipun Gusti Allah. Sabdanipun Gusti Allah punika dados dilah saha oboring gesangipun tiyang pitados. Lan punika kita tanggapi kanthi prasetya ngestokaken sabdanipun Gusti Allah. Kadosdene sang pemazmur mratelakaken: “Pangandika Paduka punika dilah wonten ing ngajengipun suku kawula, sarta pepadhanging margi kawula. Kawula sampun supaos, saha kawula badhe netepi, badhe ngestokaken sarak-sarak paduka ingkang adil” (Jabur 119:105,106).

Kadospun pundi patrapipun ing gesang kita, minangka wujud raos sokur anggenipun sampun nampi gesang lan sih rahmatipun Gusti Allah? Temtunipun kita kadosdene pasiten ingkang becik kangge tuwuhing wiji ingkang kasebar inggih punika Sabdaning Allah. Gusti Yesus sampun paring pangandika: “Nanging kang kasebar ing lemah becik iya iku wong kang ngrungokake pangandika lan mangreti, mulane iya banjur metu wohe, ana sing tikel satus, ana sing tikel sawidak, ana sing tikel telung puluh” (Mateus 13:23). I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ