+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 17 Juli 2023 Minggu Limrah XI

Mikha 1:1-5; Jabur 142; I Tesalonika 4:1-8

GESANG ING KASUCEN

Awit Gusti Allah anggone nimbali kita iku ora supaya alaku rusuh,

nanging supaya nindakake apa kang suci

(I Tesalonika 4:7)

Satunggaling bab ingkang linangkung aji tumrap manungsa inggih punika menawi manungsa katimbalan lan kaagem dening Gusti Allah, kangge mujudaken rancanganipun Gusti Allah. Awit manungsa katitahaken kangge nindakaken ingkang dados karsanipun Gusti Allah. Kadosdene satunggaling alat ingkang dipun ginakaken kangge ancas tujuan ingkang mulya, tiyang ingkang kaagem dening Gusti Allah, kedah gesang ing kasucen. Saya resik lan suci gesangipun tiyang, mila piyambakipun sangsaya dipun agem dening Gusti Allah minangka pirantosipun.

Gesang ing kasucen ateges gesang wonten ing pakaryanipun Sang Kristus. Lumantar seda lan wungunipun Gusti Yesus, manungsa ingkang dosa kasucekaken lan kaapunten dosanipun. Tiyang ingkang sampun kasucekaken dening rahipun Sang Kristus kaatag supados dados pribadi ingkang mboten tumindak dosa malih. Nalika gesangipun manungsa mrangguli saha ngadhepi maneka warni prakawis, punika dados pirantos kangge kadiwasanipun. Punika minangka proses ngudi kasucen ingkang kedah dipun alami dening saben tiyang pitados sacara nyata.

I Tesalonika 4:7 nelakaken: ”Awit Gusti Allah anggone nimbali kita iku ora supaya alaku rusuh, nanging supaya nindakake apa kang suci”. Awit saking punika sinten kemawon ingkang nampik timbalan punika, ateges nampik Gusti Allah ingkang sampun maringaken Rohipun dhateng kita.

Pramila  sumangga kanthi eklas lan setya tuhu, kita masrahaken gesang kita dipun agem dening Gusti Allah. Kita sumadya dipun sucekaken, kapisahaken saking jagad punika. Dados seksinipun Gusti ing satengahing donya ingkang kebak dosa, kanthi mbabar gesang ing katresnan, kayekten, saha kasucen. Gesang minangka para pendherekipun Sang Kristus. I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ