+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 18 Juli 2023 Minggu Limrah XI

Yeremia 49:7-11;  Jabur 142;  Efesus 4:17-5:2

NILAR KAMANUNGSAN LAMI INGKANG KEBAK ING DOSA

Awit kowe wus krungu bab Panjenengane lan nampani piwulang

ana ing Panjenengan manut kayekten kang satuhu ana ing Gusti Yesus, yaiku

manawa kowe, ing bab lakumu kang biyen, kudu ngrucat kamanungsan lawas, kang nemahi rusak awit saka anane hawa-nepsu kang nasarake

(Efesus 4:21,22)

Kathah tiyang namung remen nuntut hak lan ewed kangge atur panuwun sarta mboten purun netepi kuwajibanipun. Gesang sapikajengipun piyambak, mboten mreduli tiyang sanes, ngandhem sengit, brangasan, tumindak awon. Tiyang ingkang kados mekaten, tegesipun taksih kawengku ing gesang lami, dereng uwal saking dosa. Sabab piyambakipun taksih abdining dosa. Ananging tiyang ingkang sampun nampi Sang Kristus minangka Gustinipun, ateges piyambakipun sumanggem nyalibaken, ngubur saha nyingkur kamanungsan laminipun. Lan sampun mboten ngabdekaken dirinipun dhateng dosa lan gesang lami malih. Saben tiyang ingkang badhe ngetut wingking Gusti Yesus, sowan ing ngarsanipun, kedah nilaraken kamanungsan lami, inggih punika bab-bab ingkang dados pepalang  tiyang nampi berkah, sih katresnan, lan sih rahmatipun Gusti Allah. Kados ta raos gumunggung, mboten sabar, kumeren, mboten setya sarta nguja hawa nepsu kadonyan.

Minangka manungsa anyar ing Sang Kristus, kita kedah purun atur pangapunten, andum katresnan, ngunjukaken panuwun ing sadengah kawontenan. Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan, lumantar serat Efesus 4:21,22: ”Awit kowe wus krungu bab Panjenengane lan nampani piwulang ana ing Panjenengane manut kayekten kang satuhu ana ing Gusti Yesus, yaiku manawa kowe, ing bab lakumu kang biyen, kudu ngrucat kamanungsan lawas, kang nemahi rusak awit saka anane hawa-nepsu kang nasarake”. Rasul Paulus nandhesaken bilih gesanging para pitados punika kedah wonten ewah-ewahan, kaanyaraken, katitahaken malih wonten ing Sang Kristus Yesus.

Sumangga kita ingkang sampun dados titah ingkang anyar wonten Sang Kristus punika tansah tumintak becik, temah saged mujudaken citranipun Allah. I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ