+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 19 Juli 2023 Minggu Limrah XI

Obaja 1:5-21; Jabur 142; Mateus 13:10-17

SUMEREP LAN MIRENG KANTHI PRAYOGI

Nanging rahayu mripatmu, jalaran bisa ndeleng

lan kupingmu, amarga bisa krungu

(Mateus 13:16)

Saestu prihatos manawi mripat kita mboten saged ningali lan talingan kita mboten saged mireng. Wonten ing wekdal samangke kathah tiyang ingkang sami sambat menawi netranipun blawur. Kadosta, kagem tiyang sepuh wonten katarakipun, tiyang ingkang kedangon anggenipun ngadhep komputer utawi HP. Kapara wonten ingkang wiwit lair mboten saged sumerep. Sadaya tiyang badhe rumaos bingah lan ngraosaken kabegjan ingkang ageng, samangsa netranipun punika sehat lan saged sumerep kanthi cetha lan sae. Netra  saestu nggadhahi paedah ingkang ageng wonten ing gesanging manungsa. Mekaten ugi talingan ingkang saged mireng kanthi cetha.

Ing waosan kita wekdal punika Gusti Yesus ngandika: “Nanging rahayu mripatmu, jalaran bisa ndeleng lan kupingmu, amarga bisa krungu” Pangandikanipun Gusti Yesus punika sayektosipun kangge mratelakaken bilih para sakabatipun minangka tiyang ingkang rahayu, karana saged sumerep kanthi nyata pakaryanipun Gusti Yesus ingkang kinanthenan mukjijat. Kajawi para sakabat ingkang saged sumerep, tiyang kathah ugi saged ningali lan mirengaken piwucalipun Gusti Yesus ingkang kebak ing panguwaos, kasebat minangka tiyang ingkang rahayu. Awit saged ningali lan mireng sacara langsung saking Gusti Yesus, bab gesang ing donya lan gesang ingkang langgeng. Minangka para tiyang ingkang pitados dhateng Gusti Yesus, sumangga kita ngaturaken panuwun awit sih-katresnan lan sih kamirahanipun, ingkang sampun kita raosaken wonten ing gesang kita.

Sumangga kita temen-temen ngupados kangge martosaken pakaryanipun Gusti Yesus. Temahan sadaya tiyang saged mirsani lan mireng bab karahayon ingkang saking Gusti Yesus. Kitab Obaja ayat 15 mratelakaken: ”Amarga wus cedhak dinane Sang Yehuwah kang tumempuh marang sakehe umat, sira bakal diwales padha kaya kang dadi panggawenira, panggawenira bakal bali nampik marang sira dhewe”. I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ