+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 20 Juli 2023 Minggu Limrah XI

Yesaya 44:1-5; Jabur 139:1-12, 23-24; Ibrani 2:1-9

SIH NUGRAHANIPUN GUSTI

Sabab Ingsun bakal ngesokake banyu ing tanah kang ngelak, lan udan deres ing panggonan kang garing. Ingsun bakal ngesokake RohingSun

ing sirahe turunira, lan berkahingSun marang anak-putunira

(Yesaya 44:3)

Miturut elmu kesehatan, manungsa punika saged gesang tanpa toya utawi nahan raos ngelak punika, dangunipun namung watawis tiga dumugi gangsal dinten kemawon. Saged nahan raos luwe, mboten nedha ngantos kirang langkung wolung wulan, ananging taksih ngunjuk toya. Bab punika nelakaken bilih manungsa lan sadaya titah ingkang gesang punika mboten saged gesang tanpa toya. Menawi manungsa kajasmanen saestu mbetahaken toya kangge gesang, langkung-langkung manungsa karohanen kita saestu mbetahaken toyaning gesang ingkang saged maringi raos lega saking ngelak lan ngorong.

Sabdanipun Gusti Allah wonten ing kitab Yesaya 44:3 nelakaken: “Sabab Ingsun bakal ngesokake banyu ing tanah kang ngelak, lan udan deres ing panggonan kang garing. Ingsun bakal ngesokake RohingSun ing sirahe turunira, lan berkahingSun marang anak-putunira”. Gusti Allah paring prasetya dhateng umat kangunganIpun, sanajan saperangan ageng umat Israel ing jamanipun nabi Yesaya dados bangsa ingkang mbalela dhumateng Gusti Allah, ananging Panjenenganipun tetep ngesokaken berkahipun dhateng umatipun. Gusti Allah ngersakaken manungsa sami mratobat temah kapulihaken. Lumantar nabi Yesaya, Gusti Allah mratelakaken bilih badhe dumugi titi wancinipun Roh Suci kaesokaken. Gusti Allah lumantar pakaryanipun Sang Kristus sampun maringi karahayon, kawilujengan tumrap manungsa dosa ingkang mratobat. Lan Sang Roh Suci ingkang nuntun para tiyang pitados nuju dhateng kasampurnan pakaryanipun. Kadospundi anggen kita sami nanggapi sih kanugrahanipun Gusti?

Kita kaengetaken dening sabdanipun Gusti wonten serat Ibrani 2:1; “Marga saka iku kita kudu luwih tliti anggon kita nggatekake apa kang wus kita rungu, supaya kita ora kentir katut ilining banyu”. Sumangga kita tansah setya tuhu lan bekti dhateng Gusti Allah, sumarah sarta pitados dhumateng Sang Kristus, temah kita tansah kasantosakaken lan nampi karahayon.   I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ