Tema: Sumadya Mapagaken Wekdal Ingkang Badhe Kalampah Kaliyan Gusti Klik Disini Untuk Mengunduh Bahan Temukan Pengalaman baru Renugan Harian Sadhar didalam genggaman smartphone. unduh Aplikasi Renungan Harian Sadhar
Kemis, 27 Juli 2023 Minggu Limrah XII
Purwaning Dumadi 29:1-8; Jabur 105:1-11, 45b; I Korinta 4:14-20 NGUPADI GUSTI ALLAH “Padha ngupayaa marang Pangeran Yehuwah lan kasantosane, padha tansah ngupayaa wedanane!” (Jabur 105:4) Punapa kita kalebet tiyang ingkang ngupadi Gusti Allah? Punapa malah kosokwangsulipun kita dados tiyang ingkang kabanda ing salebeting mangsa kapengkur? Pengaken kita asring mratelakaken bilih kita punika tiyang ingkang ngupadi Gusti Allah, nanging sayektosipun kita asring kawengku dening dosa lan momotaning gesang ing mangsa kapengker. Gesang kita asring tanpa arah ingkang gumathok lan mboten nate nggayuh Gusti Allah. Wonten ing waosan kita samangke Sang Pamazmur mratelakaken: “Padha ngupayaa marang Pangeran Yehuwah lan kasantosane, padha tansah ngupayaa wedanane!” Ngupados Gusti Allah, punika minangka dhawuh, sanes pilihan. Mila kedah katindakaken, awit bab punika satunggaling kabetahan kita. Gesang tanpa Gusti Allah, badhe karaos kothong tanpa isi lan tanpa paedah. Gusti Allah punika dados sumbering berkah lan kasantosan tumrap gesangipun para tiyang pitados. Ngupados Gusti Allah punika dados pratandha ingkang mbedakaken antawisipun para suci ingkang sejatos lan manungsa kadonyan. Dene kasantosan saha wedananIpun Gusti Allah nelakaken pratelan ingkang kaagem dening Gusti Allah, kangge narik kawigatosanipun para tiyang pitados sumerep dhateng kawontenaning jagad ingkang kebak pepeteng. Sampun ngantos semplah lan nglokro anggenipun ngupadi Gusti Allah. Sanajan minangka manungsa kathah kekirangan, karingkihan dalah dosa duraka, sumangga tansah nggatosaken pitedahipun Gusti, temah saged nggayuh kasampurnaning gesang. Sumangga kita tansah ngupadi Gusti Allah lan kasantosanIpun saha tansah ngupadi wedananIpun, temahan kita pikantuk kekiyatan saking Gusti Allah kangge lumebet ing Kraton Suwarga. Rasul Paulus wonten ing seratipun I Korinta 4:20, nandhesaken mekaten: “Sabab kratone Gusti Allah iku ora awujud tembung, nanging wujud daya-kakuwatan”. I*PS
Rebo, 26 Juli 2023 Minggu Limrah XII
Purwaning Dumadi 35:16-29; Jabur 139:13-18; Mateus 12:15-21 ATUR PANUWUN DHUMATENG GUSTI ALLAH “Kawula ngucap ngucap sokur dhumateng Paduka margi elok ngebat-ebati kadadosan kawula. Pakaryan Paduka punika elok, nyawa kawula sanget anggenipun ngraosaken bab punika.” (Jabur 139:14) Mbok manawi kita nate menggalih bab mangsa kapengker ingkang sampun kelampahan, lan suraos: manawa bab sing wus kapungkur bisa diowahi, sajake urip iki luwih apik lan kepenak. Wonten ugi ing antawis kita ingkang nggadhahi pengangen-angen, penggalih bab mangsa ingkang badhe kalampahan: manawa bisa luwih dhisik ngreteni apa kang bakal kelakon, mesthine bisa cecawis supaya ora kena praharaning urip. Manawi kita ningali kalih pamawas bab ingkang sampun kapungkur lan bab ingkang badhe kalampah ingkang taksih kebak ing wadi, ndadosaken kita mangretosi bilih kawontenan kita punika sarwa winates sedayanipun. Ananging ing salebeting kawontenan ingkang sarwa winates, temtu kedah nggadhahi raos sokur dhumateng Gusti Allah. Juru Masmur paring piwucal supados kita tansah sinau nggadhahi raos bombong lan tansah coas sokur. Prabu Dawud nandhesaken bilih Gusti Allah punika tansah pirsa sadaya ingkang kalampahan ing gesanging umat manungsa. Kagem Prabu Dawud sadaya ingkang dados pakaryanipun Gusti Allah estu ngedap-edapi. Ing ayat nats kapratelakaken: “Kawula ngucap sokur dhumateng Paduka margi elok ngebat-ebati kadadosan kawula. Pakaryan Paduka punika elok, nyawa kawula sanget anggenipun ngraosaken bab punika”. Pangandika punika dados landhesan ingkang kiyat tumrap gesang kita kanthi raos punuwun sokur. Pakaryanipun Gusti Allah ingkang ngedap-edapi ngetingalaken panguwaosipun. Sadaya gesanging umat manungsa kawuningan dening Panjenenganipun. Kadospundi kawontenaning gesang kita ing mangsa ingkang badhe dhateng punika sampun kapirsanan dening Gusti Allah. Bab punika memulang dhateng kita sadaya, supados kita tansah nggadhahi pengajeng-ajeng lan mboten ajrih ngadhepi mangsa ingkang badhe dhateng kanthi piyandel ingkang kiyat dhateng Sang Kristus. Sumangga kita gayuh mangsa ingkang badhe dhateng kanthi atur panuwun lan nyuwun kakiyatan saha panuntunipun Roh Suci. I*PS
Slasa, 25 Juli 2023 Minggu Limrah XII
Purwaning Dumadi 33:1-17; Jabur 139:13-18; Galati 4:21-5:1 MARDIKA SAKING PANGAWULAN “Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan” (Galati 5:1) Tiyang Kristen minangka pandherekipun Sang Kristus punika kedah mujudaken patraping gesang ingkang jumbuh kaliyan piwucalipun Sang Kristus. Status kita punika cetha inggih punika para tiyang pitados. Awit saking punika, punapa gesang kita badhe sapikajengipun piyambak? Rasul Paulus nandhesaken bilih kita tiyang ingkang mardika, awit Sang Kristus sampun maringaken kamardikan tumrap kita. Serat Galati 5:1 mratelakaken: “Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan”. Gusti Yesus sampun ngurbanaken sariranipun piyambak kangge nebus manungsa saking panguwaosing dosa. Lumantar pangurbananipun kita kauwalaken pati. Kita sampun mboten dados abdining dosa malih. Pramila ayat nats kita cetha bilih kita katimbalan supados mardika. Mardika ateges uwal saking pangawulan, uwal saking sadaya tuntutan, mboten gumantung dhateng pihak sanes. Wonten ing tembung mardika wonten kalih pangertosan inggih punika mardika sacara hukum (de jure) lan mardika sacara nyata (de facto). Contonipun: negari Indoneia sacara de jure sampun mardika nalika tanggal 17 Agustus 1945, nanging sacara de facto (kasunyatanipun) masyarakat Indonesia dereng sawetahipun mardika, taksih kawengku sacara ekonomi, temah taksih wonten singgetan ing antawisipun tiyang sugih lan tiyang miskin. Ing babagan hukum dereng saged karaosaken kaadilan ingkang saestu adil. Nalika kita pitados dhumateng Gusti Yesus bilih Panjenenganipun Gusti Allah lan Juruwilujeng, sacara de jure kita sampun dipun mardikakaken saking pamengkuning dosa. Ananging sacara de fakto kita taksih asring tumindak dosa, nuruti hawa nepsu kadagingan, gesang manut ing pikajenengipun piyambak. Kadospundi gesang kita samangke, punapa status kita minangka para putraning Allah, tetebusanipun Sang Kristus, sampun ngewahi gesang kita tumuju ing kasaenan lan kabecikan? I*PS
Senen, 24 Juli 2023 Minggu Limrah XII
Purwaning Dumadi 32:3-21; Jabur 139:13-18; Wahyu 14:12-20 SABAR LAN MANTEP “Kang prelu ing kene yaiku sabar mantepe para suci, kang padha ngantepi pepakoning Allah lan pracaya marang Gusti Yesus” (Wahyu 14:12) Wonten pekewed ingkang mboten saged dipun endhani lan kedah dipun adhepi. Wonten ugi pakewet ingkang awit saking patrap tumindaking manungsa piyambak, karana mboten wonten putusan ingkang kapendhet. Prakawising gesang mboten saged sumingkir saking lampahing gesang manungsa. Ngadhepi bab punika mbetahaken kasabaran saha kamantepan. Kasabaran karaos gampil katindakaken, nalika gesang lumampah cocok kaliyan punapa ingkang sampun karancang, mboten mrangguli pepalang. Samangke kita gesang ing kamajenganing jaman ingkang ngedap-edapi, sadaya kelampah kanthi cepet, sarwa gampil, ndadosaken manungsa sami kemrungsung, mboten sabar. Nalika manungsa nembe ngalami panandhang, tumunten manungsa nguda raos badanipun piyambak, kanthi tembung “Ngantos dumugi kapan anggen kula kedah sabar?” Sabar punika wonten watesipun! Ing ayat nats kita, Rasul Yokanan paring pepenget: “Kang prelu ing kene yaiku sabar mantepe para suci, kang padha ngantepi pepakoning Allah lan pracaya marang Gusti Yesus” Sanajan wonten bab ingkang nggegirisi ing salebeting tetingalanipun Rasul Yokanan ingkang kapratelakaken, para tiyang pitados minangka umat kagunganipun Gusti Allah mboten prelu ajrih. Ananging kedah kanthi sabar lan mantep pitados dhumateng Gusti Allah. Para tiyang pitados temtu ngraosaken kasantosan lan panglipuran, awit Gusti Allah kagungan panguwaos. Gusti Allah ingkang ngayomi temah ayem lan tentrem. Pramila sumangga, manawi kita ngalami pepeteng, panandhang, kasangsaran, kita ngayom dhumateng Gusti Yesus, lan kanthi sabar nglampahi ngadhepi prekawis ing gesang. Kita sampun katebus saking panguwaosing dosa lan iblis sampun kawon. Mila kanthi sabar lan mantep lumampah tumuju dhateng gesang ing jaman kalanggengan sesarengan kaliyan Sang Kristus. I*PS
Ahad, 23 Juli 2023 Minggu Limrah XII
Purwaning Dumadi 28:10-19a; Jabur 139:1-12, 23-24; Rum 8:12-25; Mateus 13:24-30, 36-43 DADOS PUTRANIPUN GUSTI ALLAH “Awit kowe padha ora nampani rohing pangawulan kang njalari kowe dadi wedi maneh, nanging kowe wis padha nampani Sang Roh kang njalari kowe dadi putrane Gusti Allah. Marga saka Roh iku kita banjur padha nyebut: Abba, Rama!” (Rum 8:15) Tata cara gesang Kristiani ingkang seyektos inggih punika nalika gesangipun tiyang Kristen katuntun dening Sang Roh Suci. Roh Suci punika kaparingaken dhateng para tiyang pitados supados imanipun dhumateng Sang Kristus saya tuwuh ngrembaka, lan saya kiyat kangge nindakaken dhawuhipun Gusti Allah. Ananging menawi tiyang punika mboten katuntun dening Sang Roh Suci, mila rohing manungsa mboten nggadhahi kasanggeman kangge nindakaken dhawuhipun Gusti Allah lan dados ringkih. Rasul Paulus nandhesaken: “… nanging kowe wis padha nampani Sang Roh kang njalari kowe dadi putrane Gusti Allah. Marga saka Roh iku kita banjur padha nyebut: “Abba, Rama!” Saking ayat punika saged kita pahami bilih tiyang-tiyang ingkang taksih kawengku ing panguwaosing iblis lan dereng purun mratobat, mboten pantes nyebat Panjenenganipun Rama. Menawi kita samangke wantun nyebat Panjenenganipun Rama, sanajan kita dereng sampurna, punika awit saking panuntuning Sang Roh Suci. Kita sampun kaluwaraken saking pangawulan, tegesipun kita mboten kabanda dening panguwaosing pepeteng malih, nanging kita sampun nampi Roh Suci lan dipun paringi kasagedan kangge nyinau Sabda Pangandikanipun Gusti Allah. Gesangipun dipun kuwaosi dening rancangan lan kersanipun Gusti, punika dados tandha menawi kita punika para putranipun Allah. Kanthi mekaten minangka para putraning Allah, kita ugi dados ahli waris kratoning suwarga. Prasetyan saha panganthinipun Gusti Allah ingkang ngekahaken lampahing gesang kita. Pangandikanipun Gusti Allah mekaten: “Lah Ingsun nunggil kalawan sira lan Ingsun bakal ngayomi marang sira ing saparan-paranira lan sira bakal Sun-ulihake, menyang ing tanah iki maneh, marga sira ora bakal Sun-tegakake, nganti Ingsun wus nindakake sabarang kang wus Sun-prastyakake marang sira” (Purwaning Dumadi 28:15). I*PS
Setu, 22 Juli 2023 Minggu Limrah XI
Pangentasan 14:9-25; Jabur 139:1-12, 23-24; Mateus 7:15-20 AJA WEDI “Nanging pangandikane Nabi Musa marang bangsa iku: Aja kuwatir, padha ditatag, lan delengen pangluwaran kang saka ing Pangeran Yehuwah, kang bakal diparingake marang kowe ing dini iki, amarga wong Mesir kang padha kokdeleng ing dina iki, iku bakal ora kokdeleng maneh ing salawas-lawase” (Pangentasan14:13) Wontenipun prakawis utawi kawontenaning gesang ingkang mboten mbingahaken, saged jalari kita was-sumelang lan ajrih. Ing kawontenan ingkang mekaten, prayogi kita enget bilih raos was sumelang sarta ajrih punika saged njalari ringkihing pengajeng-ajeng lan kapitadosan,temah tumindakipun namung nuruti pikajengipun piyambak, mboten kanthi waton ingkang leres. Bangsa Israel minangka umat pepilihanipun Gusti Allah, dipun aben-ajengaken kaliyan kawontenan gesang ingkang ndamel kuwatos lan ajrih. Kita saged nggambaraken kadospundi raos ajrih lan sumelanging umat Israel ngalami gesang ingkang ndadosaken kapitunan. Dipun ancam lan dipun padosi patinipun, kakepung dening wadyabala sang Prabu Pringon. Pengajeng-ajengipun umat Israel mboten kapasrahaken dhateng panguwaosipun Gusti Allah, kapara malah nglepataken Nabi Musa ingkang sampun mimpin umat Israel luwar saking pangawulan ing Mesir. Nanging Nabi Musa lajeng enggal-enggal ngleremaken umat Israel kanthi ngengeti pangandikanipun Gusti Allah: “Aja kuwatir, padha ditatag, lan delengen pangluwaran kang saka ing Pangeran Yehuwah, kang bakal diparingake marang kowe ing dina iki, amarga wong Mesir kang padha kokdeleng ing dina iki, iku bakal ora kokdeleng maneh ing salawas-lawase”. Mbok bilih wekdal samangke kita ugi nembe ngalami gesang ingkang kebak ing panandhang, momotan ingkang awrat, rumaos mboten wonten margi malih, pengajeng-ajeng sampun sirna. Kita ajrih, kuwatos, benget, ing wusanipun nglepataken kawontenaning gesang, piyandelipun saya ringkih, pamawasipun mokal menawi wonten margi kangge luwar. Sumangga kita tansah sinau kangge sumarah, nggadhahi pengajeng-ajeng lan pitados kanthi temen dhumateng Gusti Allah, Pitados dhateng Sang Kristus. Panjenenganipun ingkang nganthi sarta ngayomi kita srana panguwaosipun. I*PS
Jemuwah, 21 Juli 2023 Minggu Limrah XI
Yehezkiel 39:21-29; Jabur 139:1-12, 23-24; Ibrani 6:13-20 JANGKARING PENGAJENG-AJENG “Dene pangarep-arep iku minangka jangkaring nyawa kita kang kukuh lan santosa, kang wis ditibakake tekan saburining gubah” (Ibrani 6:19) Manungsa ingkang gesang ing donya punika kadosdene baita ing saktengahing samudra. Sinten ingkang mboten rumaos ajrih nalika ngadhepi prahara ageng ing samudra? Ombak ageng lan angin ingkang banter saged dados jalaran baita punika kerem. Mila nalika dumados kawontenan ingkang kados punika, jangkar ingkang wonten ing baita kedah kaandhapaken ngantos dumugi dhasaring samudra. Ancasipun supados baita punika mboten kintir kabekta ing ombak lan kerem. Sanadya jangkar punika ukuranipun langkung alit katimbang baitanipun, nanging migunani sanget tumrap baita. Pangajeng-ajeng dhumateng Gusti Allah punika ibarat kadosdene jangkar. Jangkaring pengajeng-ajeng njalari manungsa, para tiyang pitados saged tatag, teteg, saha tanggon ngadhepi prahara pacobaning gesang. Gusti Allah punika tansah netepi prasetyanipun. Panjenenganipun mboten nate cidra. Nalika umat Israel sawetawis dangu gesang ing pambuwangan, Gusti Allah paring prasetya: ”Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsung iki Yehuwah, Allahe, kang mbekta menyang ing tanah pambuwangan ing satengahe para bangsa lan kang nglempakake maneh ana ing tanahe tuwin kang ora marengake siji bae keri ana ing kana. Ingsun ora nutupi pasuryaningSun maneh tumrap wong-wong iku, samangsa Ingsun ngesokake RohingSun marang turune Israel. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah” (Yehezkiel 39:28,29). Punapa kita kanthi temen mapanaken pangajeng-ajeng kita dhateng Gusti Allah? Ngantu-ngantu inggih punika cihnaning kasanggeman iman kapitadosan saha pengajeng-ajeng dhumateng Gusti Allah ingkang paring prajanji. Mila sampun ngantos kita mbudidaya uwal saking sawerning reribed mawi cara kita piyambak, ananging manut ing pangrehing Roh Suci. Mekaten ugi sampun ngantos nilaraken pengajeng-ajeng kita wonten ing Sang Kristus. Pangajeng-ajeng punika ingkang dados jangkaring nyawa kita, ingkang badhe ngrimat lan ngreksa kita temah kiyat ngadhepi ombaking gesang. I*PS
HLUN GKJ 2023 Dirayakan Meriah di Stadion Manahan Surakarta
Surakarta, 20 Juli 2023 – Hari ini, Kamis, di Stadion Manahan Surakarta, digelar acara spesial Hari Lanjut Usia Nasional (HLUN) Adiyuswa seSinode GKJ (Gereja Kristen Jawa). Acara yang dihadiri oleh lebih dari 12.000 adiyuswa ini berlangsung meriah dan mengambil tema “Tinta Emas” untuk mewakili semangat dan karya mereka yang berpenuh persembahan. Tema “Tinta Emas” dipilih untuk mewakili kejayaan dan keindahan yang telah ditorehkan oleh adiyuswa GKJ sepanjang hidup mereka dalam berbagai bidang pelayanan dan pengabdian. Semangat mereka dalam terus bersemangat berpelayanan terlihat jelas dalam antusiasme besar mereka untuk menghadiri acara ini. Banyak adiyuswa yang bahkan berangkat sejak dini hari untuk memastikan tidak melewatkan momen bersejarah ini. Acara ini menjadi lebih spesial dengan kehadiran Gubernur Jawa Tengah, Ganjar Pranowo, yang hadir untuk memberikan apresiasi dan ucapan selamat kepada seluruh adiyuswa GKJ yang merayakan hari lanjut usia mereka. Gubernur Ganjar, dalam pidatonya, mengapresiasi peran serta adiyuswa dalam membangun masyarakat dan memberikan inspirasi bagi generasi muda. Puncak acara diramaikan oleh atraksi Punokawan dan pesinden Elisha yang tampil memukau dengan seni pertunjukan khas Jawa. Seluruh hadirin terpukau oleh kepiawaian mereka dalam menghidupkan nuansa kebudayaan Jawa yang kaya dan memikat. Selain hiburan, acara HLUN GKJ 2023 juga diisi dengan berbagai rangkaian kegiatan yang bertujuan untuk mempererat tali silaturahmi antara adiyuswa seSinode GKJ. Di antaranya, ada sarasehan, pertunjukan kesenian, serta lomba-lomba tradisional yang semarak. Dalam momen yang penuh sukacita ini, berbagai harapan dan doa baik dari para adiyuswa, keluarga, hingga komunitas gerejawi disampaikan untuk kebahagiaan dan kesehatan jasmani serta rohani mereka. Semoga semangat dan dedikasi adiyuswa dalam berpelayanan tetap terus membara dan menginspirasi banyak orang di usia yang semakin mengkilat seperti tinta emas. Kegiatan HLUN GKJ 2023 berhasil menjadi momen bersejarah yang akan dikenang oleh seluruh adiyuswa seSinode GKJ. Dengan penuh rasa syukur, mereka menyambut hari spesial ini dengan doa dan harapan agar Tuhan senantiasa memberkati perjalanan hidup mereka yang terus bersemangat dalam pelayanan dan kasih-Nya.
Kemis, 20 Juli 2023 Minggu Limrah XI
Yesaya 44:1-5; Jabur 139:1-12, 23-24; Ibrani 2:1-9 SIH NUGRAHANIPUN GUSTI “Sabab Ingsun bakal ngesokake banyu ing tanah kang ngelak, lan udan deres ing panggonan kang garing. Ingsun bakal ngesokake RohingSun ing sirahe turunira, lan berkahingSun marang anak-putunira” (Yesaya 44:3) Miturut elmu kesehatan, manungsa punika saged gesang tanpa toya utawi nahan raos ngelak punika, dangunipun namung watawis tiga dumugi gangsal dinten kemawon. Saged nahan raos luwe, mboten nedha ngantos kirang langkung wolung wulan, ananging taksih ngunjuk toya. Bab punika nelakaken bilih manungsa lan sadaya titah ingkang gesang punika mboten saged gesang tanpa toya. Menawi manungsa kajasmanen saestu mbetahaken toya kangge gesang, langkung-langkung manungsa karohanen kita saestu mbetahaken toyaning gesang ingkang saged maringi raos lega saking ngelak lan ngorong. Sabdanipun Gusti Allah wonten ing kitab Yesaya 44:3 nelakaken: “Sabab Ingsun bakal ngesokake banyu ing tanah kang ngelak, lan udan deres ing panggonan kang garing. Ingsun bakal ngesokake RohingSun ing sirahe turunira, lan berkahingSun marang anak-putunira”. Gusti Allah paring prasetya dhateng umat kangunganIpun, sanajan saperangan ageng umat Israel ing jamanipun nabi Yesaya dados bangsa ingkang mbalela dhumateng Gusti Allah, ananging Panjenenganipun tetep ngesokaken berkahipun dhateng umatipun. Gusti Allah ngersakaken manungsa sami mratobat temah kapulihaken. Lumantar nabi Yesaya, Gusti Allah mratelakaken bilih badhe dumugi titi wancinipun Roh Suci kaesokaken. Gusti Allah lumantar pakaryanipun Sang Kristus sampun maringi karahayon, kawilujengan tumrap manungsa dosa ingkang mratobat. Lan Sang Roh Suci ingkang nuntun para tiyang pitados nuju dhateng kasampurnan pakaryanipun. Kadospundi anggen kita sami nanggapi sih kanugrahanipun Gusti? Kita kaengetaken dening sabdanipun Gusti wonten serat Ibrani 2:1; “Marga saka iku kita kudu luwih tliti anggon kita nggatekake apa kang wus kita rungu, supaya kita ora kentir katut ilining banyu”. Sumangga kita tansah setya tuhu lan bekti dhateng Gusti Allah, sumarah sarta pitados dhumateng Sang Kristus, temah kita tansah kasantosakaken lan nampi karahayon. I*PS


