Yehezkiel 39:21-29; Jabur 139:1-12, 23-24; Ibrani 6:13-20
JANGKARING PENGAJENG-AJENG
“Dene pangarep-arep iku minangka jangkaring nyawa kita kang kukuh
lan santosa, kang wis ditibakake tekan saburining gubah”
(Ibrani 6:19)
Manungsa ingkang gesang ing donya punika kadosdene baita ing saktengahing samudra. Sinten ingkang mboten rumaos ajrih nalika ngadhepi prahara ageng ing samudra? Ombak ageng lan angin ingkang banter saged dados jalaran baita punika kerem. Mila nalika dumados kawontenan ingkang kados punika, jangkar ingkang wonten ing baita kedah kaandhapaken ngantos dumugi dhasaring samudra. Ancasipun supados baita punika mboten kintir kabekta ing ombak lan kerem. Sanadya jangkar punika ukuranipun langkung alit katimbang baitanipun, nanging migunani sanget tumrap baita.
Pangajeng-ajeng dhumateng Gusti Allah punika ibarat kadosdene jangkar. Jangkaring pengajeng-ajeng njalari manungsa, para tiyang pitados saged tatag, teteg, saha tanggon ngadhepi prahara pacobaning gesang. Gusti Allah punika tansah netepi prasetyanipun. Panjenenganipun mboten nate cidra. Nalika umat Israel sawetawis dangu gesang ing pambuwangan, Gusti Allah paring prasetya: ”Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsung iki Yehuwah, Allahe, kang mbekta menyang ing tanah pambuwangan ing satengahe para bangsa lan kang nglempakake maneh ana ing tanahe tuwin kang ora marengake siji bae keri ana ing kana. Ingsun ora nutupi pasuryaningSun maneh tumrap wong-wong iku, samangsa Ingsun ngesokake RohingSun marang turune Israel. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah” (Yehezkiel 39:28,29).
Punapa kita kanthi temen mapanaken pangajeng-ajeng kita dhateng Gusti Allah? Ngantu-ngantu inggih punika cihnaning kasanggeman iman kapitadosan saha pengajeng-ajeng dhumateng Gusti Allah ingkang paring prajanji. Mila sampun ngantos kita mbudidaya uwal saking sawerning reribed mawi cara kita piyambak, ananging manut ing pangrehing Roh Suci. Mekaten ugi sampun ngantos nilaraken pengajeng-ajeng kita wonten ing Sang Kristus. Pangajeng-ajeng punika ingkang dados jangkaring nyawa kita, ingkang badhe ngrimat lan ngreksa kita temah kiyat ngadhepi ombaking gesang. I*PS