+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 22 Juli 2023 Minggu Limrah XI

Pangentasan 14:9-25; Jabur 139:1-12, 23-24; Mateus 7:15-20

AJA WEDI

Nanging pangandikane Nabi Musa marang bangsa iku: Aja kuwatir,

padha ditatag, lan delengen pangluwaran kang saka ing Pangeran Yehuwah,

kang bakal diparingake marang kowe ing dini iki, amarga wong Mesir kang padha kokdeleng ing dina iki, iku bakal ora kokdeleng maneh ing salawas-lawase  (Pangentasan14:13)

Wontenipun prakawis utawi kawontenaning gesang ingkang mboten mbingahaken, saged jalari kita was-sumelang lan ajrih. Ing kawontenan ingkang mekaten, prayogi kita enget bilih raos was sumelang sarta ajrih punika saged njalari ringkihing pengajeng-ajeng lan kapitadosan,temah tumindakipun namung nuruti pikajengipun piyambak, mboten kanthi waton ingkang leres.

Bangsa Israel minangka umat pepilihanipun Gusti Allah, dipun aben-ajengaken kaliyan kawontenan gesang ingkang ndamel kuwatos lan ajrih. Kita saged nggambaraken kadospundi raos ajrih lan sumelanging umat Israel ngalami gesang ingkang ndadosaken kapitunan. Dipun ancam lan dipun padosi patinipun, kakepung dening wadyabala sang Prabu Pringon. Pengajeng-ajengipun umat Israel mboten kapasrahaken dhateng panguwaosipun Gusti Allah, kapara malah nglepataken Nabi Musa ingkang sampun mimpin umat Israel luwar saking pangawulan ing Mesir. Nanging Nabi Musa lajeng enggal-enggal ngleremaken umat Israel kanthi ngengeti pangandikanipun Gusti Allah: “Aja kuwatir, padha ditatag, lan delengen pangluwaran kang saka ing Pangeran Yehuwah, kang bakal diparingake marang kowe ing dina iki, amarga wong Mesir kang padha kokdeleng ing dina iki, iku bakal ora kokdeleng maneh ing salawas-lawase”.

Mbok bilih wekdal samangke kita ugi nembe ngalami gesang ingkang kebak ing panandhang, momotan ingkang awrat, rumaos mboten wonten margi malih, pengajeng-ajeng sampun sirna. Kita ajrih, kuwatos, benget, ing wusanipun nglepataken kawontenaning gesang, piyandelipun saya ringkih, pamawasipun mokal menawi wonten margi kangge luwar. Sumangga kita tansah sinau kangge sumarah, nggadhahi pengajeng-ajeng lan pitados kanthi temen dhumateng Gusti Allah, Pitados dhateng Sang Kristus. Panjenenganipun ingkang nganthi sarta ngayomi kita srana panguwaosipun. I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ