+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 23 Juli 2023 Minggu Limrah XII

Purwaning Dumadi 28:10-19a;  Jabur 139:1-12, 23-24;  Rum 8:12-25;

Mateus 13:24-30, 36-43

DADOS PUTRANIPUN GUSTI ALLAH

Awit kowe padha ora nampani rohing pangawulan kang njalari kowe

dadi wedi maneh, nanging kowe wis padha nampani Sang Roh

kang njalari kowe dadi putrane Gusti Allah. Marga saka Roh iku

kita banjur padha nyebut: Abba, Rama!” (Rum 8:15)

Tata cara gesang Kristiani ingkang seyektos inggih punika nalika gesangipun tiyang Kristen katuntun dening Sang Roh Suci. Roh Suci punika kaparingaken dhateng para tiyang pitados supados imanipun dhumateng Sang Kristus saya tuwuh ngrembaka, lan saya kiyat kangge nindakaken dhawuhipun Gusti Allah. Ananging menawi tiyang punika mboten katuntun dening Sang Roh Suci, mila rohing manungsa mboten nggadhahi kasanggeman kangge nindakaken dhawuhipun Gusti Allah lan dados ringkih.  Rasul Paulus nandhesaken:… nanging kowe wis padha nampani Sang Roh kang njalari kowe dadi putrane Gusti Allah. Marga saka Roh iku kita banjur padha nyebut: “Abba, Rama!” Saking ayat punika saged kita pahami bilih tiyang-tiyang ingkang taksih kawengku ing panguwaosing iblis lan dereng purun mratobat, mboten pantes nyebat Panjenenganipun Rama. Menawi kita samangke wantun nyebat Panjenenganipun Rama, sanajan kita dereng sampurna,  punika awit saking panuntuning Sang Roh Suci.

Kita sampun kaluwaraken saking pangawulan, tegesipun kita mboten kabanda dening panguwaosing pepeteng malih, nanging kita sampun nampi Roh Suci lan dipun paringi kasagedan kangge nyinau Sabda Pangandikanipun Gusti Allah. Gesangipun dipun kuwaosi dening rancangan lan kersanipun Gusti, punika dados tandha menawi kita punika para putranipun Allah. Kanthi mekaten minangka para putraning Allah, kita ugi dados ahli waris kratoning suwarga. Prasetyan saha panganthinipun Gusti Allah ingkang ngekahaken lampahing gesang kita. Pangandikanipun Gusti Allah mekaten: “Lah Ingsun nunggil kalawan sira lan Ingsun bakal ngayomi marang sira ing saparan-paranira lan sira bakal Sun-ulihake, menyang ing tanah iki maneh, marga sira ora bakal Sun-tegakake, nganti Ingsun wus nindakake sabarang kang wus Sun-prastyakake marang sira”  (Purwaning Dumadi 28:15).  I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ