+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 24 Juli 2023 Minggu Limrah XII

Purwaning Dumadi  32:3-21;  Jabur 139:13-18;  Wahyu 14:12-20

SABAR LAN MANTEP

Kang prelu ing kene yaiku sabar mantepe para suci, kang padha ngantepi pepakoning Allah lan pracaya marang Gusti Yesus

(Wahyu 14:12)

Wonten pekewed ingkang mboten saged dipun endhani lan kedah dipun adhepi. Wonten ugi pakewet ingkang awit saking patrap tumindaking manungsa piyambak, karana mboten wonten putusan ingkang kapendhet. Prakawising gesang mboten saged sumingkir saking lampahing gesang manungsa. Ngadhepi bab punika mbetahaken kasabaran saha kamantepan. Kasabaran karaos gampil katindakaken, nalika gesang lumampah cocok kaliyan punapa ingkang sampun karancang, mboten mrangguli pepalang.

Samangke kita gesang ing kamajenganing jaman ingkang ngedap-edapi, sadaya kelampah kanthi cepet, sarwa gampil, ndadosaken manungsa sami kemrungsung, mboten sabar. Nalika manungsa nembe ngalami panandhang, tumunten manungsa nguda raos badanipun piyambak, kanthi tembung “Ngantos dumugi kapan anggen kula kedah sabar?” Sabar punika wonten watesipun!

Ing ayat nats kita, Rasul Yokanan paring pepenget: “Kang prelu ing kene yaiku sabar mantepe para suci, kang padha ngantepi pepakoning Allah lan pracaya marang Gusti Yesus” Sanajan wonten bab ingkang nggegirisi ing salebeting tetingalanipun Rasul Yokanan ingkang kapratelakaken, para tiyang pitados minangka umat kagunganipun Gusti Allah mboten prelu ajrih. Ananging kedah kanthi sabar lan mantep pitados dhumateng Gusti Allah. Para tiyang pitados temtu ngraosaken kasantosan lan panglipuran, awit Gusti Allah kagungan panguwaos. Gusti Allah ingkang ngayomi temah ayem lan tentrem.

Pramila sumangga, manawi kita ngalami pepeteng, panandhang, kasangsaran, kita ngayom dhumateng Gusti Yesus, lan kanthi sabar nglampahi ngadhepi prekawis ing gesang. Kita sampun katebus saking panguwaosing dosa lan iblis sampun kawon. Mila kanthi sabar lan mantep lumampah tumuju dhateng gesang ing jaman kalanggengan sesarengan kaliyan Sang Kristus.  I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ