+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 25 Juli 2023 Minggu Limrah XII

Purwaning Dumadi 33:1-17; Jabur 139:13-18; Galati 4:21-5:1

MARDIKA SAKING PANGAWULAN

Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan

(Galati 5:1)

Tiyang Kristen minangka pandherekipun Sang Kristus punika kedah mujudaken patraping gesang ingkang jumbuh kaliyan piwucalipun Sang Kristus. Status kita punika cetha inggih punika para tiyang pitados. Awit saking punika, punapa gesang kita badhe sapikajengipun piyambak? Rasul Paulus nandhesaken bilih kita tiyang ingkang mardika, awit Sang Kristus sampun maringaken kamardikan tumrap kita. Serat Galati 5:1 mratelakaken: “Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan”.

Gusti Yesus sampun ngurbanaken sariranipun piyambak kangge nebus manungsa saking panguwaosing dosa. Lumantar pangurbananipun kita kauwalaken pati. Kita sampun mboten dados abdining dosa malih. Pramila ayat nats kita cetha bilih kita katimbalan supados mardika. Mardika ateges uwal saking pangawulan, uwal saking sadaya tuntutan, mboten gumantung dhateng pihak sanes. Wonten ing tembung mardika wonten kalih pangertosan inggih punika mardika sacara hukum (de jure) lan mardika sacara nyata (de facto). Contonipun: negari Indoneia sacara de jure sampun mardika nalika tanggal 17 Agustus 1945, nanging sacara de facto (kasunyatanipun) masyarakat Indonesia dereng sawetahipun mardika, taksih kawengku sacara ekonomi, temah taksih wonten singgetan ing antawisipun tiyang sugih lan tiyang miskin. Ing babagan hukum dereng saged karaosaken kaadilan ingkang saestu adil. Nalika kita pitados dhumateng Gusti Yesus bilih Panjenenganipun Gusti Allah lan Juruwilujeng, sacara de jure kita sampun dipun mardikakaken saking pamengkuning dosa. Ananging sacara de fakto kita taksih asring tumindak dosa, nuruti hawa nepsu kadagingan, gesang manut ing pikajenengipun piyambak.

Kadospundi gesang kita samangke, punapa status kita minangka para putraning Allah, tetebusanipun Sang Kristus, sampun ngewahi gesang kita tumuju ing kasaenan lan kabecikan?  I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ