+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 26 Juli 2023 Minggu Limrah XII

Purwaning Dumadi 35:16-29;  Jabur 139:13-18; Mateus 12:15-21

ATUR PANUWUN DHUMATENG GUSTI ALLAH

Kawula ngucap ngucap sokur dhumateng Paduka margi elok ngebat-ebati kadadosan kawula. Pakaryan Paduka punika elok, nyawa kawula

sanget anggenipun ngraosaken bab punika.

(Jabur 139:14)

Mbok manawi kita nate menggalih bab mangsa kapengker ingkang sampun kelampahan, lan suraos: manawa bab sing wus kapungkur bisa diowahi, sajake urip iki luwih apik lan kepenak. Wonten ugi ing antawis kita ingkang nggadhahi pengangen-angen, penggalih bab mangsa ingkang badhe kalampahan: manawa bisa luwih dhisik ngreteni apa kang bakal kelakon, mesthine bisa cecawis supaya ora kena praharaning urip. Manawi kita ningali kalih pamawas bab ingkang sampun kapungkur lan bab ingkang badhe kalampah ingkang taksih kebak ing wadi, ndadosaken kita mangretosi bilih kawontenan kita punika sarwa winates sedayanipun. Ananging ing salebeting kawontenan ingkang sarwa winates, temtu kedah nggadhahi raos sokur dhumateng Gusti Allah. Juru Masmur paring piwucal supados kita tansah sinau nggadhahi raos bombong lan tansah coas sokur.

Prabu Dawud nandhesaken bilih Gusti Allah punika tansah pirsa sadaya ingkang kalampahan ing  gesanging umat manungsa. Kagem Prabu Dawud sadaya ingkang dados pakaryanipun Gusti Allah estu ngedap-edapi. Ing ayat nats kapratelakaken: “Kawula ngucap sokur dhumateng Paduka margi elok ngebat-ebati kadadosan kawula. Pakaryan Paduka punika elok, nyawa kawula sanget anggenipun ngraosaken bab punika”. Pangandika punika dados landhesan ingkang kiyat tumrap gesang kita kanthi raos punuwun sokur. Pakaryanipun Gusti Allah ingkang ngedap-edapi ngetingalaken panguwaosipun. Sadaya gesanging umat manungsa kawuningan dening Panjenenganipun. Kadospundi kawontenaning gesang kita ing mangsa ingkang badhe dhateng punika sampun kapirsanan dening Gusti Allah. Bab punika memulang dhateng kita sadaya, supados kita tansah nggadhahi pengajeng-ajeng lan mboten ajrih ngadhepi mangsa ingkang badhe dhateng kanthi piyandel ingkang kiyat dhateng Sang Kristus. Sumangga kita gayuh mangsa ingkang badhe dhateng kanthi atur panuwun lan nyuwun kakiyatan saha panuntunipun Roh Suci.  I*PS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ