Purwaning Dumadi 29:1-8; Jabur 105:1-11, 45b; I Korinta 4:14-20
NGUPADI GUSTI ALLAH
“Padha ngupayaa marang Pangeran Yehuwah lan kasantosane,
padha tansah ngupayaa wedanane!”
(Jabur 105:4)
Punapa kita kalebet tiyang ingkang ngupadi Gusti Allah? Punapa malah kosokwangsulipun kita dados tiyang ingkang kabanda ing salebeting mangsa kapengkur? Pengaken kita asring mratelakaken bilih kita punika tiyang ingkang ngupadi Gusti Allah, nanging sayektosipun kita asring kawengku dening dosa lan momotaning gesang ing mangsa kapengker. Gesang kita asring tanpa arah ingkang gumathok lan mboten nate nggayuh Gusti Allah. Wonten ing waosan kita samangke Sang Pamazmur mratelakaken: “Padha ngupayaa marang Pangeran Yehuwah lan kasantosane, padha tansah ngupayaa wedanane!” Ngupados Gusti Allah, punika minangka dhawuh, sanes pilihan. Mila kedah katindakaken, awit bab punika satunggaling kabetahan kita.
Gesang tanpa Gusti Allah, badhe karaos kothong tanpa isi lan tanpa paedah. Gusti Allah punika dados sumbering berkah lan kasantosan tumrap gesangipun para tiyang pitados. Ngupados Gusti Allah punika dados pratandha ingkang mbedakaken antawisipun para suci ingkang sejatos lan manungsa kadonyan. Dene kasantosan saha wedananIpun Gusti Allah nelakaken pratelan ingkang kaagem dening Gusti Allah, kangge narik kawigatosanipun para tiyang pitados sumerep dhateng kawontenaning jagad ingkang kebak pepeteng. Sampun ngantos semplah lan nglokro anggenipun ngupadi Gusti Allah. Sanajan minangka manungsa kathah kekirangan, karingkihan dalah dosa duraka, sumangga tansah nggatosaken pitedahipun Gusti, temah saged nggayuh kasampurnaning gesang.
Sumangga kita tansah ngupadi Gusti Allah lan kasantosanIpun saha tansah ngupadi wedananIpun, temahan kita pikantuk kekiyatan saking Gusti Allah kangge lumebet ing Kraton Suwarga. Rasul Paulus wonten ing seratipun I Korinta 4:20, nandhesaken mekaten: “Sabab kratone Gusti Allah iku ora awujud tembung, nanging wujud daya-kakuwatan”. I*PS