Pangentasan 10:21-29; Jabur 149; Rum 10:15b-21 ORA SABEN WONG PADHA NAMPANI PAWARTA BECIK “Ananging ora saben wong padha nampani pawarta becik iki mau. Sabab Yesaya matur, mengkene, “Dhuh Pangeran, sinten ingkang badhe pitados dhateng punapa ingkang sami kawula wartosaken?” (Rum 10:16) Titikaning jaman ingkang sangsaya maju punika ngetingalaken bilih saben tiyang sampun tepang kaliyan media sosial kadosta facebook, twitter, instagram, youtube. Mboten namung para nem-neman ingkang sami ngginakaken lan gadhah akun wonten ing media sosial punika ananging ugi para tiyang sepuh. Akun punika dipun iseni photo, video lan rupi-rupi seratan. Tiyang ingkang mirsani lan paring komentar mboten namung rencang akrab, ananging ugi tyang saindhenging jagad. Kasunyatanipun boten sadaya komentar punika sae, wonten komentar ingkang ngremehaken, maiben lan sanes-sanesipun. Sinaosa ingkang kawedhar punika pawartos ingkang migunani, ananging mboten sedaya tiyang saged nampi lan naggapi kanthi sae. Rasul Paulus paring paseksi bab kayekten lan gesang wonten ing sih rahmatipun Sang Kristus. Ananging boten saben tiyang purun nampi pawartos kabingahan punika. Pangandikanipun Rasul Paulus kajumbuhaken kaliyan pengalaman gesangipun nabi Yesaya ingkang piniji dening Gusti martosaken pangandikanipun Gusti kagem bangsa Israel. Kawontenanipun bangsa Israel nalika semanten ugi mboten purun nampi pawartosipun nabi Yesaya. Malah ingkang kalampahan sami maiben. Saking pengalaman punika Rasul Paulus ngatag supados pasamuwan nyawisaken manah saha mirengaken pawartos ingkang kawedhar. Kasantosaning kapitadosan dhumateng Sang Kristus punika, wiwitanipun saking mirengaken Sabdanipun Gusti Allah. Mila ingkang sami nampi pawartos punika kasebat tiyang ingkang rahayu. Sumangga sami mirengaken saha ngestokaken dhawuhaken dening Gusti Allah. Kanthi nampi saha ngraos-ngraosaken lan nindakaken wonten ing gesang padintenan, matemah iman kapitadosan kita sangsaya kiyat. Manawi wosing pangandikanipun Gusti Allah ngemutaken saha ndunungaken sampun ngantos kita mlajar lan nebih Gusti, sabab pemut punika kawedhar kagem kasaenaning gesang kita.|*SEP
Jemuwah, 25 Agustus2023 Minggu Limrah XVI
Purwaning Dumadi 49:29-50:14; Jabur 124; II Korinta 10:12-18 PANGALEMBANA “Nanging sapa kang ngegung-ngegungake, iku ngegungna ing Pangeran.” (II Korinta 10:17) Sapa bae mesthi seneng dialembana. Pangalembana iku nggedheake atine, gawe bungah, lan nyemangati. Kosok baline ora ana wong sing seneng dicacat, amarga dicacat gawe cilik ati, gawe sedhih, semplah, lan semplah. Sajatine, pangalembana iku luwih becik tinimbang panyacat. Jaman saiki akeh wong sing luwih seneng nyacat tinimbang ngalembana, apa maneh ing jagad media sosial. Body shaming (nyacat rupa utawa ragane wong liya), nyacat agama liya, nyacat pemimpining bangsa, lan nyacat kekurangane wong liya. Rasul Paulus ngandikakake pamanggihe tumrap sarirane. Rasul Paulus ora dhemen nandhingake sarirane karo wong kang ngalem awake dhewe. Miturut Paulus ngalembana awake dhewe iku padha karo ngukur awake nganggo ukurane dhewe, mesthi bae bakal ngapik-apik awake dhewe lan nyacat wong liya, apa maneh manawa anggone ngalem awake dhewenluwihi wates. Nanging Paulus ngarep-arep pakurmatan luwih saka pasamuan Korinta manawa pracayane pasamuwan padha mundhak. Pakurmatan sing dikarepake Pulus kuwi tanda manawa paladosan lan pamulange bener lan becik. Pakurmatan kang kaya mangkono iku asale saka Gusti kang tuwuh saka wohing pakaryan. Iku sing diarani ngegungake dhiri ana ing pangeran, yaiku dadi tanggon amarga dialem dening Pangeran dudu dening manungsa. Pangalembana iku ana becike, amarga bisa gawe wong liya gedhe atine, mula aja cethil pangalembana. Sanaja pangalembana iku nggedhekake ati nanging pangalembana iku dudu tujuan nindaake pakaryan apa bae. Pangalembana kang becik yaiku pamgalembana kang tuwuh saka ing wohing pakaryan kang ditindaake kanthi temen lan iklas. Pangalem kang kaya mangkono iku asale saka pangeran lan ndadeake tanggon. Katresnan iku seneng aweh pangalembana kanggo samubarang kang becik,lan ora mburu pangalembane manungsa tumrap kabecikan kang ditindakake |*SSS
Materi Bulan Doa Alkitab 2023
Dalam Rangka Bulan Doa Alkitab 2023 Lembaga Alkitab Indonesia ”Firman Ilahi Berkuasa Membarui” (Yesaya 55:10-11, TB) PANDUAN IBADAH DAN PENGANTAR TEMA KHOTBAH PANDUAN IBADAH ANAK DAN REMAJA
Terlindungi: Sidang Sinode GKJ XXIX
Tidak ada kutipan karena ini adalah pos yang terlindung sandi.
Bulan Katekese Liturgi Tahun 2023
Bulan Katekese Liturgi Tahun 2023 Penghayatan Liturgi Kehidupan Sebagai tindak lanjut dari Seminar “Liturgi Kehidupan” yang dilakukan melalui Zoom Meeting pada 10 Oktober 2022 yang lalu, maka pada penghayatan Bulan Katekese Liturgi Tahun 2023 ini, Puskat melalui Bapelsin XXVIII GKJ mengajak gereja-gereja di lingkungan Sinode GKJ untuk menjadikan Bulan September 2023 ini sebagai ruang penghayatan praktik-praktik liturgi kehidupan dalam konteks masing-masing gereja. Selanjutnya, penghayatan tersebut dapat dibagi menjadi 2 (dua) kategori: Melalui semangat dan gerak bersama sebagai Gereja-Gereja Kristen Jawa dengan berbagai kekayaan konteksnya, semoga praktik-praktik liturgi kehidupan dapat terus tumbuh dan berkembang di tengah-tengah dunia, di mana masing-masing gereja kita dipanggil dan diutus. Kiranya Tuhan berkenan atas pelayanan kita. Bapelsin XXVIII GKJ Klik Disini untuk mengunduh —
PEPENKRIS 2023
Pedoman Pekan Pendidikan Kristen 2023 Laporan Kegiatan Pekan Pendidikan Kristen 2022
Senen, 31 Juli 2023 Minggu Limrah XIII
Purwaning Dumadi 30:25-36; Jabur 65:8-13; Yakobus 3:13-18 SUGIH ING KAYEKTEN “Sarta mungguh wohing kayekten iku kasebarake sajrone tata rukun tumrap wong-wong kang olah tata rukun” (Yakobus 3:18) Manungsa punika mboten saged ngraosaken marem utawi mongkog namung awit saking barang darbe ingkang awujud kadonyan kemawon. Mekaten ugi jiwanipun manungsa mboten saged nggadhahi raos marem utawi mongkog awit dayaning klangenan sacara jasmani kemawon. Kita temtunipun enget bilih manungsa katitahaken manut ing panguwaosipun Gusti Allah. Bab punika dumados awit karsanipun Gusti Allah, manungsa saged tetunggilan kaliyan Panjenenganipun. Mila dados kanugrahan ingkang ageng tumrap saben tiyang ingkang tansah tetunggilan Gusti Allah saha ngraosaken pangrehipun Sang Roh Suci. Taksih kathah tiyang ingkang dereng sumanggem nindakaken bab karohanen, sabab tiyang punika taksih kapilut dening kadagingan lan kadonyan. Rumaos marem lan bombong dhateng dirinipun piyambak, sarta kabanda dening panguwaosing dosa. Ingkang nama dosa punika saestu mbebayani tumrap gesang kita. Tiyang sanes mboten saged mangertos bab punapa kemawon ingkang wonten ing manah kita. Punapa menika raos meri, mboten remen, cubriya, lan sapiturutipun. Awit saking punika mila roh kita mboten purun sesambetan kaliyan Rohing Allah, inggih punika Roh Suci lan kayekten. Sadaya tiyang pitados nggadhahi piandel bilih Roh Suci tansah makarya ing salebeting gesangipun, ananging namung sakedhik ingkang sumadya nyawisaken wekdal kangge mirengaken suwantenipun Gusti Allah lumantar Sabdanipun. Pramila sumangga kita tansah nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, supados lumantar panguwaosipun Sang Roh Suci, kita kaparingan kasagedan kangge ngupadi murih saged setya tuhu nindakaken dhawuhipun Gusti Allah, nggadahi kayektenipun Sang Kristus, mratelakaken katresnan, lan gesang kanthi rukun kaliyan sesami. I*PS
Ahad, 30 Juli 2023 Minggu Limrah XIII
Purwaning Dumadi 29:15-28; Jabur 105:1-11, 45b; Rum 8:26-39; Mateus 13:31-33, 44-52 DADOS TIYANG INGKANG UNGGUL “Nanging mungguhing bab iku mau kabeh, kita padha ngungkuli wong kang padha menang, jalaran saka Panjenengane kang wus ngasihi kita.” (Rum 8:37) Wonten ing bab tetandhingan, kawon punapadene unggul menika dados bab ingkang limrah. Nanging kawon utawi unggul ing salebeting gesang punika sanes satunggaling bab ingkang limrah. Ingkang kawon saged kemawon cuwa, kagelan, tumunten tiyang nekad nglalu mungkasi gesangipun piyambak. Surak-surak lan pakurmatan temtu kaparingaken dhumateng ingkang unggul, sanadyan ingkang unggul namung satunggal saha ingkang kawon langkung kathah. Kaunggulan ing babagan karohanen punika beda kaliyan kaunggulan ing babagan kajasmanen. Kaunggulan sacara rohani kaparingaken tumrap sadaya tiyang ingkang temen-temen pitados dhumateng Gusti Yesus. Mboten namung kangge tiyang satunggal punapadene tiyang kalih kemawon. Waosan Kitab Suci wekdal punika mratelakaken: “Nanging mungguhing bab iku mau kabeh, kita padha ngungkuli wong kang padha menang, jalaran saka Panjenengane kang wus ngasihi kita” inggih namung awit saking Panjenenganipun ingkang sampun nresnani kita, saestu kita saged nglakungi tiyang ingkang unggul. Sadaya punika mboten amargi kaleresan kita saged unggul, ananging sampun mesthi kita unggul, lan punika dados jaminan ingkang kaparingaken kangge nggayuh bab ingkang pangaji, inggih punika gesang ingkang langgeng wonten ing kraton suwarga. Tiyang ingkang unggul punika mboten mawang yuswa utawi umur. Wiwitaning kaunggulan inggih punika patrap manah ingkang andhap asor kangge ngupadi lan nindakaken bab-bab ingkang prasaja kanthi temen lan eklas. Sabdanipun Gusti Allah ing Mateus 13:49,50 mratelakaken: “Iya kaya mangkono kaanane besuk ing wekasaning jaman. Malaekat-malaekat bakal padha teka misahake para wong kang ala saka tengahe para wong mursid, padha kacemplungake ing pawon murub, ing kono kang tinemu panangis lan keroting untu”. I*PS
Setu, 29 Juli 2023 Minggu Limrah XII
Purwaning Dumadi 29:31-30:24; Jabur 105:1-11, 45b; Mateus 12:38-42 PITADOS TANPA NINGALI BUKTI “Nalika samana ana ahli Toret lan wong Farisi sawatara, kang padha matur: “Guru, kula sami kepengin sumerep pratandha saking Panjenengan.” (Mateus 12:38) Wonten ing padhatanipun gesang padintenan, kita asring mrangguli kathah pratandha, simbol-simbol ingkang paring sumerep dhateng tiyang. Ananging ugi kathah pratandha utawi simbul kalawau damel raos pamangu-mangunipun tiyang dhateng satunggaling kayekten. Ing satunggal sisih, tiyang asring nuntut wontenipun bukti ingkang nyata supados saged pitados. Waosan kita wekdal punika, nelakaken bilih Sang Kristus boten karsa paring pratandha sanesipun dhateng para tiyang Farisi kejawi namung pratandha ingkang sampun kaparingaken, inggih punika pratandha Nabi Yunus. Sanajan Sang Kristus tansah karsa midhangetaken saha paring wangsulan tumrap pepenginan-pepenginan sarta pandonga ingkang suci, Panjenenganipun mboten badhe karsa damel mareming hawa nepsu lan tumindhakipun ingkang awon. Pratandha kaparingaken tumrap tiyang ingkang mbetahaken kangge ngiyataken iman kapitadosipun. Kadosdene rama Abraham, nanging mboten badhe kaparingaken dhateng tiyang ingkang nuntut wontenipun pratanda kangge pados pawadan mboten pitados. Gusti Yesus badhe paring pratandha ingkang beda saking sadaya pratandha ingkang sampun wonten saderengipun, inggih punika wungunipun Sang Kristus saking antawisipun tiyang pejah. Bab punika ingkang kasebat pratandha Nabi Yunus. Pratandha ingkang kaparingaken kangge ngyakinaken umat manungsa. Pratandha punika dados bukti bilih Sang Kristus punika Sang Mesih. Sabab kanthi pratandha punika, Panjenenganipun mratelakaken minangka Putranipun Gusti Allah piyambak. Pitakenan tumrap kita, punapa kita ugi mangu-mangu dhateng sadaya pakaryanipun Sang Kristus? Panjenenganipun punika satunggaling pratandha ingkang tanpa wates, pinangkanipun saking Gusti Allah pribadi. Sumangga kita ngaturi papan panggenen kagem Panjenenganipun wonten gesang kita, minangka sih rahmat mirunggan kangge diri kita. I*PS
.Jemuwah, 28 Juli 2023 Minggu Limrah XII
Purwaning Dumadi 29:9-14; Jabur 105:1-11,45b; L. Para Rasul 7:44-53 AJA MANGKOTAKE ATI “Heh, tiyang ingkang sami wangkot lan ikutan ing manah sarta ing kuping, sampeyan tansah sami nglawan Sang Roh Suci, sami kados leluhur sampeyan, inggih makaten ugi sampeyan sadaya” (Lelakone Para Rasul 7:51) Wonten satunggaling bapak ingkang saestu tresna dhateng putranipun. Piyambakipun tansah mbudidaya saged nyekapi kabetahaning putranipun, nggulawenthah kanthi sih katresnan, memulang ing bab kasaenan lan kayekten. Nanging emanipun putra punika mboten saged ningali kasaenan lan katresnan bapakipun. Piyambakipun asring damel tatu panggalihipun bapak. Piayambakipun mangkotaken manah lan mboten mirengaken piwulang saking bapakipun. Tartemtu ingkang bapak lajeng menggalih kadospundi caranipun supados saged nyadaraken putranipun. Gegambaran putra kalawau kadosdene gegambaranipun umat Israel. Nalika Stefanus wawan pangandikan wonten ing sangajenging Mahkamah Agami, Stefanus njlentrehaken bab wangkoting manahipun umat Israel. Sanajan sampun kawilujengaken dening Gusti Allah, nanging umat Israel nampik PanjenenganIpun. Malah damel sesembahan pedhet mas, lan misungsungaken pisungsung dhateng brahala. Mirsani wangkoting manahipun umat Israel, tumunten Gusti Allah paring paukuman , bangsa Israel kabucal ing Babel. Wonten ing tanah Babel, Gusti Allah memulang umat Israel supados mangertos dhateng sih katresnanipun Gusti Allah. Kanthi mekaten, umat Israel mboten malih mangkotaken manahipun temahan saged ngraosaken agenging katresnanipun Gusti Allah. Punapa kita nate mangkotaken manah? Punapa kita rumaos ewed lan awrat nampi piwulangipun Gusti Allah? Sumangga, sami mbudidaya sampun ngantos kita mangkotaken manah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. Patrap mangkotaken manah badhe nebihaken kita saking kawilujengan. Lan cetha patrap menika damel pitunanipun piyambak. Punapa kita kalebet tiyang ingkang wangkot ing manah? Mboten purun nampi piwulang saha pitedah saking Gusti Allah? Kita kedah ngrumaosi bilih gesang kita tansah karimat dening Gusti Allah, mila sampun ngantos wangkot lan nampik sih katresnanipun Gusti Allah. Tetepa pitados lan setya tuhu ngetut wingking Gusti Yesus ing kayektenIpun. I*PS



