+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 18 Juni 2023 Minggu Limrah VII

Purwaning Dumadi 18:1-15, (21:1-7); Jabur 116:1-2, 12-19; Rum 5: 1-8;

Mateus 9:35-10:8, (9-23)

NAMPENI DALAH NGATURI

“Kowe padha nampani kanthi lelahanan,

mulane wenehna kanthi lelahanan uga.”

(Mateus 10:8b)

Pangandikanipun Gusti Yesus punika ngemu suraos ingkang lebet sanget. Pra sekabat kedah ngumaosi kanthi saestu bilih piyambakipun sami boten gadhah punapa-punapa. Gusti ingkang sampun ngentasaken pra sekabat saking luwenging dosa duraka. Gusti ingkang nimbali piyambakipun sami dados pra sekabatipun. Gusti ingkang ngutus saha njangkepi pra sekabat satemah kasagedna nindakaken maneka warni pakaryan kangge sesami. Estu sedaya punika katampi kanthi lelahanan satemah pra sekabat kedah mbabaraken ugi kanthi lelahanan!

Sedaya punika minangka pitedah ingkang luhur sanget sarta kedah kita sami gegilut ing salebeting manah. Jujur kemawon, mbok menawi asring kita ingkang sampun kaparingan manekawarni berkah, boten tumemen leladi ing satengah pasamuwan. Asring kita ingkang sampun kasarasaken dening Gusti, boten purun nuweni warga ingkang saweg nandhang sesakit. Asring kita ingkang sampun kapitulungan sacara enonomi, boten sayektos anggen kita ngancani sesami ingkang mbetahaken pambudidayaning usaha ekonomi. Malah kepara wonten ugi peladosing sabda ingkang, nyuwun sewu, sacara blaka tega nyebutaken reginipun menawi kaundhang ngladosi kotbah utawi ceramah. Temtu kemawon punika saged ndadosaken sedhihing penggalihipun Gusti Yesus.

Kita sami punika mligi namung minangka abdi, abdinipun Gusti. Ingkang kedah kita tindakaken inggih punika ngetut wingking saha mbangun turut dhumateng Panjenenganipun. Pramila, nalika kita leladi ing satengahing pasamuwan upaminipun, kita kedah tindakaken kanthi andhap asor saha kanthi ambek welasan. Boten kanthi adigang, adigung, adiguna. Saha boten kanthi pamrihing batos. Awit punapa? “Kowe padha nampani kanthi lelahanan, mulane wenehna kanthi lelahanan uga.” Sumangga kita sami mujudaken gesang peladosan kanthi manah ingkang ngabdi, ‘hati s’bagai hamba’, sumarah kagem Gusti Yesus Kristus. I* OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ