+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 17 Juni 2023 Minggu Limrah VI

Purwaning Dumadi 24:10-52; Jabur 116:1-2, 12-19; Markus 7:1-13

MUNDHI INGKANG SEJATI

“…Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kalawan lambe,

 nanging atine ngedohi Ingsun.” (Markus 7: 6b).

Panyaruwenipun Gusti Yesus punika sacara mirunggan katujokaken dhateng saperanganing tiyang Farisi saha ahlining Toret. Para tiyang wau boten remen nalika ningali para sekabatipun Gusti nedha mawi tangan ingkang boten dipun resiki rumiyin. Miturut pemanggihipun pra tiyang wau, punika nerak dhateng angger-anggeripun para leluhur. Gusti Yesus ngemutaken pra tiyang wau bilih piyambakipun sami ngugemi adating kamanungsan ananging nglirwakaken punapa ingkang dipun kersakaken dening Gusti. Namung ketingal ngabekti sacara ritual nanging nglirwakaken dhawuhipun Gusti supados njunjung pri kamanungsan. Ngantos-ngantos malah tega nilar kuwajibanipun saperlu migatosaken, ngreksa lan nyekapi kabetahanipun tiyang sepuhipun piyambak (Markus 7: 10-13)!

Tetela sanget bilih Gusti Yesus nelakaken dhateng pra tiyang kathah saha pra sekabatipun babagan kados pundi nitipriksa, nimbang-nimbang, saha milah-milah  sedaya prekawis kanthi trampil, landhep lan winasis. Punika mbetahaken kawicaksanaan saking Sang Roh Suci. Kanthi mekaten pra tiyang saha pra sekabatipun Gusti saestu kasagedaken nemtokaken prekawis pundi ingkang penting ingkang kedah dipun tengenaken. Kanthi mekaten piyambakipun ugi sami  kasagedaken ngestokaken sabdaning Gusti bab pri kamanungsan tanpa kagubed manekawarni paugeran-paugeraning adat istiadat ingkang malah saged ngalang-alangi pri kamanungsan. Sampun ngantos babagan ingkang tata lair kadosdene bab resik-resik saha tata-tata barang kadonyan ngrisak niating manah ingkang badhe njunjung pri kamanungsan.

Gusti Yesus ugi njurung kita sami supados mundhi samubarang ingkang langkung sejati, ingkang mujudaken tataning batos, boten namung bab tata lair kemawon. Temtu kemawon kita boten nilaraken prekawis resik-resik saha tata-tata wonten ing satengahing kaluwarga, gedhung greja saha masyarakat. Ananging Gusti Yesus njurung kita sami supados mundhi jejeging pri kamanungsan. Sampun ngantos tutug kita kadosipun ngabekti ananging sejatosipun nebih saking Gusti! I* OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ