+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 16 Juni 2023 Minggu Limrah VI

 Purwaning Dumadi 24:1-9; Jabur 116:1-2, 12-19;  Lelakone Para Rasul 7:35-43

PUNAPA PIWALES KITA?

“Kang dakgawe piwales apa marang Sang Yehuwah,

tumrap ing sakehe sih-kadarmane marang aku?”

(Jabur 116: 12)

Pangucaping Juru Mazmur punika mijil saking pengalamanipun ingkang kapitulungan rahayu dening Gusti nalika ngraosaken ajrih, ‘kagubed ing talining pati’ awit saking panindhesing tiyang ingkang mengsahi piyambakipun. Gusti Allah myarsakaken pasambatipun saha ngluwari saking panandhangipun. Ing salajengipun, juru Mazmur atur pangucap: “Kang dakgawe piwales apa marang Sang Yehuwah…?”

Aku arep njunjung tuwunging pangentasan…” (ay. 13) punika ingkang badhe katindakaken dening juru Mazmur. Punika minangka pangucap sokur dhumateng  Gusti ingkang sampun ngentasaken saking momotanipun.  Ananging punika ugi negesaken tekadipun saperlu ngudi pengentasan kangge kathah tiyang sanes ingkang ugi katindhes! Sih kadarmanipun Gusti ingkang dipun tampi kababaraken ugi dhateng tiyang sanes ingkang nandhang kesrakat. Tuwung pangentasan punika minangka tenger ingkang ngemutaken umat supados ugi njejegaken kaadilan.

Kangge kita sami ingkang sampun luwar saking gegilutaning gesang, sumangga kita sesarengan atur panuwun dhumateng Gusti. Sumangga kita sami ugi njunjung tuwunging pangentasan kanthi tekading manah saperlu ndherek makarya ngentasaken sesami ingkang saweg katindhes. Pramila, boten namung kita ingkang kapitulungan ananging tiyang sanes ugi mbetahaken pengentasan saking sedaya panandhangipun. Gusti Allah boten namung ngersakaken panembah bekti kita minangka piwales kita dhumateng pakaryanipun. Gusti Allah ugi ngersakaken tindak tanduk kita ingkang migatosaken pra tiyang sanes saha ndherek ngudhari punapa ingkang dados karibedanipun. Sugeng njunjung tuwung pangentasan! Gusti nyagedaken kita sami.I* OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ