+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 15 Juni 2023 Minggu Limrah VI

Purwaning Dumadi 21:1-7; Jabur 116:1-2, 12-19; Ibrani 3:1-6

LUWAR SAKING WAS SUMELANG

“Nanging aku nyebut asmaning Pangeran Yehuwah:

“Dhuh Yehuwah, Paduka mugi kersaa ngluwari kawula.”

(Jabur 116:4)

Nalika juru Mazmur ngraosaken panindhesing para tiyang ingkang mengsahi piyambakipun, wonten kalih prekawis ingkang gemuleng ing manahipun. Ingkang sepisan, piyambakipun rumaos ajrih sanget awit kados-kados saweg methukaken dumugining pati. Piyambakipun ngraosaken karupekan lan kasisahan ingkang awrat. “Aku digubed ing talining pati, sarta ditempuh ing rasa wedi marang jagading wong mati, tuwin ngrasakake karupekan lan kasusahan.” (ay. 3). Kita sami temtu saged mangertosi kados pundi awrating momotanipun sang juru Mazmur!

Ananging wonten prekawis ingkang kaping kalih, bilih piyambakipun taksih saged nyebut asmanipun Gusti Allah saha nyenyuwun supados paring pitulungan tumrap piyambakipun. “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi kersaa ngluwari kawula.” (ay. 4). Piyambakipun sesora dhumateng Gusti kanthi kapitadosan bilih Panjenenganipun punika asih mirma, adil saha ambek welasan. Pramila piyambakipun pitados bilih Gusti badhe mitulungi piyambakipun. Panci, mbok menawi panandhangipun dereng enggal sirna ananging raosipun manah ingkang kebak was sumelang wau mugi kaparingan pulih lejar rumiyin. Kanthi manah ingkang tentrem awit sampun kaluwaraken saking raos ajrih, piyambakipun badhe langkung tatag lan tanggon ngrampungaken prekawis ingkang sawed dipun adhepi.

Pancen leres. Ingkang paling kita betahaken rumiyin inggih punika saged luwar saking raos ajrih saha was sumelang. Kita sami sacara pribadi utawi sesarengan kaluwarga saged nulad punapa ingkang juru Mazmur tindakaken. Sinaosa kagubed dening gegelitaning prekawis nanging piyambakipun tetep setya tuhu sumarah, sumendhe lan sumeleh ing ngarsanipun Gusti. Sumangga kita sami ugi kasagedna sesora : “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi kersaa ngluwari kawula.” I*OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ