Purwaning Dumadi 18:16-33; Jabur 119:41-48; Mateus 12:1-8
NGUDI KAMURSIDAN
“Pangandikane Sang Yehuwah: “Mesthi bakal ora Suntumpes
marga saka wong sepuluh iku.”
(Purwaning Dumadi 18: 32b)
Raosing penggalihipun rama Abraham trenyuh nalika mireng bilih tlatah Sodom badhe kasirnakaken dening Gusti karana durakaning tiyang-tiyang ing mriku. Rama Abraham ngeman brayatipun Lut, penakanipun, ing salebeting tlatah Sodom. “Punapa Paduka badhe numpes tiyang mursid sesarengan kaliyan tiyang duraka?” kados mekaten pasambatipun rama Abraham dhumateng Gusti. Ing salajengipun, rama Abraham nyuwun supados Gusti boten siyos nyirnakaken tlatah Sodom menawi wonten sawetawis tiyang mursid ing mriku. Saking cacah 50 tiyang ngantos cacah 10 tiyang! Gusti Allah paring prajanji boten badhe numpes menawi wonten paling boten 10 tiyang mursid ing tlatah Sodom.
Punapa seserepan ingkang narik manah kita sami saking pirembaganipun rama Abraham kaliyan Gusti Allah wau? Tiyang mursid! Inggih, tiyang mursid! Mendahnea wontenipun tiyang mursid punika saestu ndayani tumraping kawilujengan saha karaharjanipun komunitas. Punapa punika griya kita, papan pedamelan kita, pasamuwan kita, lingkungan sakiwa tengen kita, saha komunitas sanesipun. Kita sami kemutan menawi wontenipun nabi Yusuf ing dalemipun Potifar ndayani tumrap karaharjanipun Potifar saha brayatipun. Awit saking kamursidanipun Yusuf, Gusti Allah kepareng mberkahi griyanipun Potifar, tiyang Mesir ingkang boten pitados kaliyan Gusti. Elok sanget! Kados mekaten agengipun sih kamirahaning Gusti tumrap ing manungsa!
Sumangga kita sami ngudi kamursidan supados kawontenan kita ing papan pundi kemawon saestu mberkahi saha ndayani tumraping karaharjanipun komunitas-komunitas ingkang kita dhereki. Kita sami kajurung supados ndongakaken bangsa saha mujudaken kaadilan. Sangsaya kathah tiyang mursid, sangsaya kita sumendhe ing Gusti, sangsaya punika mranani penggalihipun Gusti Allah! I*OHPN