Purwaning Dumadi 23:1-19; Jabur 126; I Tesalonika 3:1-5
WOHING PANEMBAH BEKTI
“Wong kang padha nyebar wiji karo mbrebes mili,
bakal ngeneni kambi giyak-giyak.”
(Jabur 126:5)
Tiyang ingkang saweg nandhang duhkita saha saweg manekung nyenyuwun pitulunganipun Gusti punika kagambaraken kados dene tiyang ingkang nyebar winih kanthi mbrebes milining luh. Punika gegambaran ingkang narik manah. Anggenipun nyebar winih punika kanthi muwun. Luh ingkang tumetes punika mratelakaken awrating momotanipun. Wondene ‘nyebar winih’ punika mratelakaken agenging pengajeng-ajengipun supados prekawisipun enggal sirna, kados dene pengajeng-ngajeng supados winih punika enggal tuwuh lan ngedalaken woh. Setunggal malih, anggenipun nyebar winih punika temtu ugi katindakaken kanthi tekun lan taberi.
Punapa ingkang nrenyuhaken manah kita sami? Inggih punika adreng krenteging umat ingkang saestu nyadhong pitulunganipun Gusti. Punika saestu cetha. Punika ugi dados salah satunggal kekidunganing umat nalika ngawontenaken jiyarah tumuju dhateng redi Sion. Punapa malih ingkang nrenyuhaken manah kita sami? Bilih Gusti Allah badhe mitulungi sarta ngentasaken saking sedaya panandhangipun umat! “…bakal ngeneni kambi giyak-giyak.” Pasambat saha panyenyuwunipun umat saestu kasembadan dening Gusti! “…mulihe mesthi kalawan surak-surak karo ngusung gedhengane.” Puji Gusti!
Pengalamanipun umatipun Gusti ingkang karonce ing salebeting kidung jiyarah wau ngatag manah kita sami supados boten gampil semplah lan nglokro nalika ngadhepi karibedan. Kita kajurung supados sowan sumarah dhumateng Gusti kanthi tekun lan taberi, ‘nyebar winih kanthi tumetesing luh’……kanthi kebaking pengajeng-ajeng saha kapitadosan bilih Gusti badhe paring pitulungan. Salajengipun kita sami sampun saged ngangen-angen bilih ing tembe, kita mesthi bakal ngeneni kanthi giyak-giyak saha surak-sukak memuji Gusti. I*OHPN