+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 20 Juni 2023 Minggu Biasa VII

Purwaning Dumadi 25:7-11; Jabur 126; II Tesalonika 2:13-3:5

SEDA KANTHI PATRAP INGKANG GESANG

“….. Rama Abraham tumuli seda, dene sedane iku nalika wus akeh yuswane,

 wus tuwuk sugenge, banjur kaklempakake karo para leluhure.”

(Purwaning Dumadi 25:8)

Mbok menawi, para sepuh adiyuswa sami remen maos waosan ing nginggil. Kenging punapa? Rama Abraham seda kanthi yuswa ingkang sepuh saha sampun tuwuk anggenipun ngraosaken gesang ing alam donya. Tentrem rahayu ing palereman, kasarekaken wonten ing pasareaning pra leluhuripun. Temtu punika ugi dados pepinginan sedaya tiyang langkung-langkung para sedherek adiyuswa kinasih. Ananging sumangga kita titipriksa, punapa ingkang ndadosaken sedanipun rama Abraham punika  tentrem rahayu?

Temtu kemawon boten namung bab panjangipun yuswa saha amargi kasarakekan ing pasarean kaluwarga. Ananging ugi awit piyambakipun seda kanthi manah ingkang jenjem, ingkang suci, ingkang boten kebak prekawis saha ingkang boten nggadahi memengsahan kaliyan tiyang sanes. Mila pancen leres bilih kathah ingkang mastani piyambakipun boten namung ‘bapa orang beriman’ ananging ugi ‘bapa perdamaian.’ Piyambakipun punika saged kawastanan ‘seda kanthi patrap ingkang gesang’, tegesipun seda kanthi manah tentrem, boten wonten dendam, boten nedya nebih saking Gusti, sampun ikhlas lan sumeleh saha sampun boten nggadahi beban panandhang ing gesangipun nalika kapundhut. Piyambakipun kapundhut kanthi mesem, rerem ing Pangeran.

Kados pundi kaliyan kita sami? Sedaya tiyang kepingin sedanipun kados rama Abraham. Pramila, sumangga kita sami sampun nyawisaken saking samangke. Cecawisan kita boten namung bab tata lair kados dene nyawisaken ageman, sepatu, foto, Alkitab, pesen sarean, nyawisaken tata liturgi pelepasan lan pemakaman saha sanesipun malih. Ananging ingkang langkung baken inggih punika nyawisaken manah supados cumadhang sumarah dumateng Gusti tanpa iri drengki, tanpa kapilut dening sedaya raja brana kadonyan ingkang namung sawetawis. I*OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ