Purwaning Dumadi 17:1-27; Jabur 119:41-48; Ibrani 13:1-16
NGATURI MALAEKAT
“Kowe aja padha lali aweh pamondhokan marang wong, jalaran saka
mangkono iku ana sawenehing wong sing padha ora sumurup manawa
wus ngaturi pasugatan marang para malaekat.”
(Ibrani 13: 2)
Punapa Panjenengan nate nampeni tamu ingkang ‘nunut ngiyup’, kepingin ngaso saha nyipeng ing dalem Panjenengan? Punapa kita ugi nyuguhaken tetedhan utawi pacitan kangge piyambakipun? Punapa malah kosokwangsulipun, Panjenengan rumaos awrat nampeni piyambakipun? Panci boten gampil! Limrahipun kita rumaos repot, punapa malih menawi kita dereng tepang kaliyan piyambakipun! Limrah menawi kita rumaos was sumelang!
Sinaosa angel, ananging wonten setunggal prekawis ingkang ngeram-eramaken menawi kita purun nampeni tiyang sanes wau. Menawi kita nampeni tiyang sanes ing griya kita, sejatosipun kita saweg ngaturi para malaekatipun Gusti! Punika prekawis ingkang endah lan elok sanget! Gusti ngersakaken supados kita nggadhahi sikap ingkang grapyak lan semanak. Istilah monceripun, kita nggadhahi ‘hospitalitas’, inggih punika sikap ingkang tinarbuka nampeni sesami. Menawi korining griya kita tinarbuka, punika sejatosipun nulad dhateng pakaryanipun Gusti ingkang tansah tinarbuka nampeni sedaya tiyang ingkang sowan ing ngarsanipun. Kadosdene penggalihipun Gusti ingkang luber ing pangrengkuh, mekaten ugi kedahipun manah kita sami: luber ing panarima!
Sumangga kita wiwiti kanthi nampeni sedaya anggotaning kaluwarga kita kanthi tulusing manah. Kalajengaken nampeni pra tetanggi, pra kanca, para sedherek sapatunggilan saha pra tiyang ingkang mbetahaken pitulungan kita. Manah kita kebak ing panarima satemah kita sami kasagedaken nampeni kanthi grapyak semanak, nyedulur, saha agenging katresnan. Awit, sepisan malih, nalika kita nggadhahi sikap tinarbuka saha purun nampeni sesami, sejatosipun kita sami saweg ngaturi para malaekat! Sugeng ngaturi pra malaekatipun Gusti! I*OHPN