+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 12 Juni 2023 Minggu Limrah VI

Purwaning Dumadi 16:1-15; Jabur 119:41-48; II Korinta 6:14-7:2

NRESNANI PEPAKENING ALLAH

“Tangan kawula nyadhong dhateng pepaken Paduka ingkang kawula tresnani; kawula badhe ngraos-ngraosaken pranatan-pranatan Paduka.”

(Jabur 119: 48)

Punapa ingkang kedah kita tindakaken supados nggadhahi sesambetan ingkang caket kaliyan Gusti? Wonten kathah wujuding oleh karohanen ingkang saged kita tindakaken supados caket kaliyan Gusti. Ing antawisipun inggih punika : pandonga, pangidung, saha pamaosing Kitab Suci. Magepokan kaliyan bab pamaosing Kitab Suci, kita kasagedaken nyumerepi punapa ingkang dados pepaken saha pranataning Gusti saking Kitab Suci. Kita badhe kasagedaken mangertosi punapa ingkang dados kersanipun Gusti nalika nggegilut sabda pangandikanipun Gusti ing Kitab Suci.

Pitakenanipun, punapa kita nindakaken kanthi kapeksa punapa boten? Punapa kita tindakaken minangka rutinitas kemawon? Juru Mazmur ngemutaken kita sami supados kita saestu nggadahi krenteg lan adreng ingkang ageng anggen kita nyadhong pepaken-pepakenipun Gusti. Boten amargi kewajiban ananging amargi raos tresna kita! Kanthi mekaten, kita sami nggadahi pepinginan ageng saperlu ngraos-raosaken pangandikanipun Gusti kanthi tumemen. Awit saking raos tresna, boten amargi kapeksa! Wekdal-wekdal wancinipun maos Kitab Suci saestu dados wekdal-wekdal ingkang ngremenaken, wekdal-wekdal ingkang kita sami rantos kanthi bingah sukarena! “Tangan kawula nyadhong pepaken Paduka ingkang kawula tresnani …”

“Tak kenal maka tak sayang!” Punika unen-unen ingkang asring kita pireng. Kados pundi supados saged sayang lan tresna kaliyan Kitab Suci? Mesthinipun kawiwitan kanthi ‘kenalan’ rumiyin, inggih punika sacara ajeg nyawisaken wekdal mirunggan saperlu maos Kitab Suci. Menawi sampun telatos, mugi kasagedna kita sami sangsaya sayang lan nresnani Kitab Suci. Tembenipun, menawi sedinten kemawon boten mbikak Kitab Suci, raosipun wonten ingkang kirang ing gesang kita. Sugeng nresnani Kitab Suci! I*OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ