Pangentasan 4:1-9; Jabur 105:1-6, 23-26, 45b; Mateus 8:14-17 PANJENENGANE WUS NGREMBAT KARINGKIHAN KITA “bab iki kalakone supaya katetepana apa kang kapangandikakake dening Nabi Yesaya: “Panjenengane wus ngrembat karingkihan kita lan nyanggi lelara kita.” (Matius 8:17) Adhakanipun sedaya tiyang sampun nate ngraosaken sakit. Sesakit ingkang dipun raosaken kadosta pilek utawi flu, watuk, gemreges, lan sapiturutipun. Punika saged kalampahan karana kawontenanipun manungsa menika ringkih lan winates sacara kajasmanen. Kacariyos Ibu Marasepuhipun Petrus nembe nandhang gerah panastis utawi demam. Sacara kajasmanen, piyambakipun ngraosaken karingkihan. Sinaosa makaten Gusti Yesus kersa paring kasarasan. Bab punika kalampahan supados katetepaken kados ingkang sampun dipun ngendikakaken dening Nabi Yesaya. Bilih panjenengane wus ngrembat karingkihan kita lan nyanggi lelara kita. Ingkang dipun sarasaken mboten namung marasepuhipun Petrus kemawon, ananging ugi tiyang kathah ingkang kesurupan. Prastawa punika nelakaken bilih Gusti Yesus kagungan panguwaos nyarasaken peranganing sakit kajasmanen saha sakit karohanen. Manawi kersa nglenggana, kawontenaning kamanungsan punika mboten namung ringkih sacara kajasmanen ananging ugi karohanen. Karingkihan sacara kajasmanen katitik nalika kita ngraosaken sesakit. Karingkihan sacara karohanen ugi asring ketingal nalika kita dhumawah ing dosa utawi tumindak nasar, ingkang namung nggugu lan nguja pikajengipun piyambak. Sumangga kita raos-raosaken, kawontenan ingkang ringkih lan winates punika saged dados pemut tumraping kita, bilih namung Gusti Yesus punika ingkang Maha Kuwaos lan Maha Asih. Mila sampun ngantos kita rumaos kiyat lan digdaya ananging supados tansah sumarah mring Gusti Yesus. Sih katresnan saha panguwaosipun Gusti Yesus mboten namung kaparingaken dhateng Ibu marasepuhipun Petrus lan tiyang kathah ingkang kesurupan, ananging ugi dhateng sadaya tiyang, kalebet kula lan panjenengan. Gusti Yesus karsa maringi sih palimirmanipun saha sampun ngrembat karingkihan kita. Mila sampun sakmesthinipun kita sadaya sami ngluhuraken asmanipun Gusti Yesus, lumantar patrap gesang ingkang jumbuh kaliyan dhawuhipun Gusti Yesus. |*SEP
Jemuwah, 1 September 2023 Minggu Limrah XVII
Pangentasan 3:16-22; Jabur 105:1-6, 23-26, 45b; II Tesalonika 2:7-12 INGSUN WUS NGGATOSAKE MARANG SIRA “… Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Iskak lan Yakub, wus ngetingali aku sarta ngandika: Ingsun wus nggatosake marang sira kabeh, iya wus mirsani apa kang ditandukake marang sira ana ing tanah Mesir.” (Pangentasan 3:16) Sinten ingkang mboten kepengin dipun gatosaken? Temtunipun sedaya tiyang pengin saha pikantuk kawigatosan saking tiyang sanes. Malah kepara nalika mboten dipun gatosaken kadangkala tuwuh raos mangkel. Kados ingkang asring kalampahan wonten ing sesambetanipun para kaneman ingkang nembe pacaran. Manawi mboten dipun gatosaken lajeng nesonan. Kawigatosan punika dipun betakahen sedaya tiyang, mboten namung wonten ing sesambetan pacaran, ananging ugi sesambetan ing brayat, pasamuwan, lan ing masyarakat. Sikep nggatosaken punika dados salah satunggalipun patrap gesang tresna-tinresnan. Gusti Allah punika ageng sih susetyanipun dhateng sedaya titah. Kalebet dhateng umat kagunganipun inggih menika bangsa Israel. Rikala bangsa Israel ngraosaken panandhang ing Mesir, Gusti Allah mboten negakaken. Panjenenganipun mila lajeng dhawuh dhateng Musa supados medhar pangandika bilih Gusti Allah nggatosaken kawontenanipun para umat. Malah Gusti Allah ugi sampun ngrancang perkawis endah, supados bangsa Israel ngraosaken pangluwaran saha nampi berkah. Saestu Gusti Allah sampun nggatosake dhumateng umat kagunganipun. Wonten ing sakuruting gesang ingkang kalampah, awrat punapa dene entheng, bingah lan sisah, Gusti Allah tansah mbabaraken katresnan kanthi nggatosaken gesang kula lan panjenengan. Dinten-dinten ingkang sampun dipun lampahi, menapa dene ingkang badhe kalampahan sumangga tansah ngener dhateng katresnanipun Gusti Allah wonten ing sadaya wekdal, papan lan kawontenan. Gusti Allah sampun nggatosaken kula lan panjenengan, punika dados pangatag supados kita tansah ngener dhumateng Gusti Allah, saha saos sokur awit katresnanipun Gusti Allah. |*SEP
In Memoriam Pdt. Em. Sri Handoyo M.Th 🙏🕊
In Memoriam Pdt. Em. Sri Handoyo M.Th 🙏🕊Keluarga besar Sinode XXVIII GKJ turut berbelasungkawa atas berpulangnya Pdt. Em. Sri Handoyo M.Th pada tanggal 31 Agustus 2023.. Semangat pelayanan dan kontribusinya dalam mengokohkan iman dan kasih di jemaat akan terus dikenang. Doa kami beserta keluarga dan jemaat yang ditinggalkan.
Kamis, 31 Agustus 2023 Minggu Limrah XVII
Pangentasan 2:23-24; Jabur 105:1-6, 23-26, 45b; Efesus 5:1-6 ELING JANJI “Gusti Allah miyarsaake pasambate, banjur ngengeti praseyane karo Rama Abrahan, Iskak, lan Yakub” (Pangentasan 2:24) Janji iku utang, kudu ditetepi, ora diblenjani. Janji, gampang diucapake angel dilkoni. Nyedhaki pemilu para pemimpin ngumbar janji, ndakik-ndakik, bareng wus kapilih, lali karo janjine dhewe. Calon panganten uga ngucap janji marang bakal bojone: arep urip suci bebarengan, bakal tansah tresna sajeroning bagas waras lan lara, kakurangan lan kaluberan, susah lan seneng nganti pati misahake, bareng wis omah-omah akeh sing lali janjine. Pejabat-pejabat kang wis ngucap janji bakal nyambut gawe kanthi jujur, nyatane akeh sing padha korupsi, ora eling marang janjine. Gusti Allah, nate janji karo Abraham, Ishak lan Yakub, bakal ndadeake keturunane bangsa kang luhur. Sanadyan dalan tumuju dadi bangsa luhur iku abot ambah-ambahane, nanging ora dadi pepalang tumrape Gusti Allah kanggo mujudake janjine. Gusti iku ora bakal supe apa maneh blenjani janjine. Kacarita bangsa Israel nalika isih ana ing Mesir, sawuse Yusuf seda, uripe rekasa, amarga padha didadekake batur (budak). Sambat ngaru-arune bangsa iku kapiyarsa dening Gusti, sarta banjur ngengeti prasetyane marang bapa leluhure Israel banjur ngutus nabi Musa kanggo ngentasake Israel saka ing tanah Mesir. Gusti ora bakal blenjani janji, bakal nuntun lan berkahi saben wong pracaya. Wes samesthine wong pracaya uga padha ngugemi janjine nalika padha kabaptis utawa ngaku pracaya. Kasetyane Gusti marang janji uga dadi pepeling supaya padha setya marang saben janji kang nate kaucapake nalika padha nikah, tetapan kalenggahan, kampanye janji liyane ana ing urip padina. Eling marang janji iku orang mung eling marang unine janji nanging mujudake ana ing kasunyatan. |*SSS
Rebo, 30 Agustus 2023 Minggu Limrah XVII
Pangentasan 2:15b-22; Kitab Jabur 8; Mateus 26:6-13 PANGELING-ELING “Apa bae kang katindakake iku bakal kacaritakake uga minangka pangeling-eling marang wong wadon iku.” (Mateus 26:13b) Macan mati ninggal lulang, gajah mati ninggal gadhing, manungsa mati ninggal jeneng. Paribasan iki ngelingake supaya saben wong sabisa-bisa ninggalake kabecikan sawuse mati. Oran mung dieling jenenge naging dieling jeneng kang becik awit kabecikan sing dilakoni salawase urip. Upama aku wus ora ana ing jagad iki, kira-kira apa kang bakal dieling-eing wong tumrap aku? Pitakon iki bok manawa ora lazim, nanging ana perlune dadi pitakonan sajroning urip, minangka pambereg kanggo nglakoni kabecikan kang bisa diterusake lan ditiru anak putu. Wong wadon ing carita iki jebadi mustakane Gusti Yesus nalika lagi lenggah dhahar ana ing daleme Simon kang lara kusta. Panemune para sakabat, wong wadon mau mung ngeceh-ceh lenga larang sing kudune bisa didol lan dhuwite bisa diwenehake marang wong miskin. Gusti Yesus nyaruwe para sakabat supaya ora padha ngganggu gawe sing ditindaake wong wadon mau amarga ya mung wadon iku kang nyawisake anggone Gusti Yesus bakal kasarekake, perkara kang tau dipikirake para sakabat, amarga sing dipikir mung nunut mulya karo Gustine. “Wong-wong miskin iku salawase ana ing kowe nanging ora salawase aku ana ing kowe,” mangkono pangandikane Gusti. Tegese, manawa padha preduli marang wong miskin, wujudna predulimu, aja mung nuntut wong liya kudu preduli. Dene wong wadon iku mujudake katresnane marang Gusti kanthi cara kang mangkono, ora perlu dipenggak. Gusti Yesus ngandika, manawa ing ngendi papan Injil kawartaake ing saindengin jagad, apa kang katindakake wong wadon mau bakal kacaritaake minangka pengeling-eling mara dheweke. Dhawuhe Gusti iki dadi kasunyatan awit carita bab wong wadon iki katulis ing kitab suci lan saben wong kang maca kitab suci bakal maca caritane bab dheweke. Muga-muga saben wong pracaya bisa marisake kabecikan manekawarna kang bisa dadi pengeing-eling lan paseksi kanggo kaluhurane Gusti. Ora ana kabecikan kang bisa diarani ngeceh-eceh bandha, wektu lan tenaga. |*SSS
Slasa, 29 Agustus 2023 Minggu Limrah XVII
Pangentasan 2:11-15a; Kitab Jabur 8; Rum 11:33-36 Mungsuhe kamardikan “Wangsulane wong iku: Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pemimpin lan hakim kula? Punapa kula badhe panjenengan pejahi kados anggen panjenengan mejahi tiyang Mesir punika? Ing kono Sang Musa kuwatos, pangunandikane: Prakara iki wus genah kaweruhan.” (Pangentasan 2:14) Musa niat mbelani bangsane nalika mateni wong Mesir kang nganiaya wong Ibrani. Nanging nalika mawuhake wong Ibrani kang padha padudon, salah sawijining wong Ibrani mau ora gelem dirukunake, malah ngundhat-undhat bab kaluputane Musa, tanpa metung niat becike. Pancen ora dicaritaake sapa kang menehi weruh Pringon bab tumindake Musa nanging bisa bae wong Ibrani dhewe kang nyebar kabar bab prastawa mau. Niate Musa mbelani lan ngrukunake bangsane malah ndadekake Musa burone Pringon. Carita iki nuduhake mungsuhe kamardhikan iku dudu mung nagara manca nanging bisa uga sadulur sabangsane dhewe. Musa kang nduweni kaprihatinan, solidaritas lan niat mbelani bangsane ditampik dening bangsane dhewe. Ewa samono Musa ora semplah lan diagem Gusti kanggo mardikaake dan nyawijekake bangsane. Bangsa Indonesia siki wus mardika saka panindhesing bangsa ngamanca. Nanging isih ana bae panindhes kang dumadi ing antarane warga bangsa dhewe. Panindhese mayoritas marang minoritas, pengusaha marang karyawan, sakperangan panguwasa marang rakyate. korupsi, pungli, angele ngurus perijinan papan pangibadah, panampik marang pemimpin kanthi dhasar agama, politik identitas, politik dinasti, politik uang, terorisme, fundamentalisme lan sapiturute dadi conto durung anane kamardikan. Pemimpin kang. nduweni niat becik, jujur, lan njejegake kabeneran lan kadilan, dimungsuhi lan di srekali supaya dadi panguwasa, amarga dianggep ngrugekake wong-wong kang wus kulina tumindak culika. Bagsa iki mbutuhake pemimpin dan wargane masyarakat kang nduweni kaprihatinan dan niat becik kanggo mujudake kamardhikan kang sawutuhe.|*SSS
Senen, 28 Agustus 2023 Minggu Limrah XVII
Pangentasan 1:1-7; Jabur 8; Rum 2:1-11 TANGKAR TUMANGKAR “Wong Israel banjur padha bebranahan lan ora kena dietung cacahe, mundhak dadi akeh matikel-tikel, nganti ngebaki nagara.” (Pangentasan 1:7) Sawise Yusuf lan sadulur-sadulur sabarakane seda, anak turune Yakub tangkar tumangkar lan ngebaki Mesir. Gumintine generasi ora gawe tumpese bangsa keturunane Israel. Malah upayane panguwasa ing Mesir kanggo numpes ngrembakane wong Israel ora gawe sirnane bangsa mau. Kasangsaran lan panindhes ora bisa ngalangi prajanjine Gusti kanggo ndandekake tedahak turune Abraham, Ishak lan Yakub bangsa kang gedhe. Sanajan rumpil dalane lan abot perjuangane, nanging awit pitulungan lan pangrumate Gusti bangsa Israel terus ngrembaka malah mengkone dadi bangsa kang mardika. Tangkar tumangkare bangsa Israel ora mung prakara ngrembakane cacahe wong Israel nanging uga ngrembakane iman lan kapercayan marang Gusti kang kudu ditepungake sih katresnane marang jagad. Awit bangsa Israel ora mung kaprasetyakake dadi bangsa gedhe nanging bakal dadi berkah tumraping jagad. Akeh upaya kanggo nyandhet wuwuhe wong pracaya supaya ora sangsaya akeh, nanging nyatane wong Pracaya tangkar tumangkar, ora entek, kabeh mau awit mengreksa lan panggulawenthahe Gusti marang kagungane. Greja tuwuh ngrembaka, sumebar ing saendenging tlatahing bangsa, maneka rupa denominasine. Wong pracaya katimbalan urip sjroning paseduluran minangka brayate Gusti, ngrumat imane kang wus pracaya lan neksekake imane marang jagad. Dudu cacah kang wigati nanging tumangkare katresnan ing antarane wong pracaya lan katresnan tumrap sapepdane urip. Pasamuwan rineksa dening Gusti supaya dadi berkah tumrap jagad, mula tumangkare wong pracaya uga kudu dibarengi tumangkare berkahe Gusti marang umat manungsa, apa bae suku bangsa lan agamane. Payo padha mangun paseduluran lan karukunan ing antarane pasamuwan, supaya padha bisa dadi berkah ing satengahing urip berarengan karo wong liya. |*SSS
Ahad, 27 Agustus 2023 Minggu Limrah XVII
Pangentasan 1:8-2:10; Jabur 124; Rum 12:1-8; Mateus 16:13-20 PISUNGSUNG “Kang iku para sadulur, marga saka sih-kamirahane Gusti Allah, aku pitutur marang kowe, padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip lan suci, sarta kang dadi keparenge Gusti Allah, yaiku pangibadahmu kang sejati.” (Rum 12:1) Pisungsung kuwi ora mung arupa barang utawa bandha donya. Raja brana mung salah sijin perangane pisungsung. Pisungsung kang sejati yaiku uripe manungsa, tegese samubarang kang di pikirake, diucapake lang ditindakake manungsa kudu bisa dadi pisungsung kang ngluhurake asmane Gusti. Miturut serate Rasul Paulus ing Rum 12, saben wong pracaya iku kudu bisa misungsungake badane (uripe) minangka pisungsung kang urip, suci lan dadi keparenge Allah. Pisungsung kang mankono iku diarani pangibadah kang sejati. Murih urip bisa dadi pisungsung kang kaya mangkono mau, padha dielingake supa ora urip madha rupa kaya donya iki, yaiku urip sajroning dosa. Kosok baline padha kaeguhake supaya padha urip kalawan bebuden kang kaanyarake dening Gusti, kanthi mangkono bisa mbedaake endi kang dadi karsane Allah, yaiku kang becik lan sampurna. “mbedakake” ing kene orang mung milah lan misah kang dadi karsane Allah lan kang ora, nanging uga nglakoni karsane Allah lan ninggal kang ora dadi karsane. Adhedhasar pangerten kaya mangkono iku, sajatine pira bae akehe pingsung raja-brana ora ana regane manawa ora dikantheni misungsungake urip kaya kang dikarsakake dening Allah. Wes wayahe padha ninggal urip lawas sajroning dosa lan ngrasuk urip anyar sajroning Sang Kristus kang mulangake urip kang suci lan dadi keparenge Allah lan sampurna. Sampurna tegese orang ora mung sakadhare bae, nanging urip ora madha rupa donya kang kebak dosa, nanging kanthi temen ngudi urip urip anyar kang suci, minangka pisungsung kang sejati. |*SSS
Setu, 26 Agustus 2023 Minggu Limrah XVI
Purwaning Dumadi 50:15-26; Jabur 124; Mateus 16:5-12 RAGI “Yesus ngandika marang para sakabat, padha diawas, padha kang waspada marang ragine para Farisi lan Saduki” (Mateus 16:6) Samubarang kang diucapake lan ditindaake manungsa iku mesthi ana pengaruhe marang wong liya. Tetembungan sing kasar bisa nglarani atine liyan, mangkono uga tumindak ala bisa nyengsaraake wong liya. Saben wong bisa duwe pengaruh bisa uga kena pengaruh. Mula saben wong kudu ngati-ati migunaake pengaruhe lan ora gampang nampa pengaruh kang ora becik. Ragi iku jinising jamur bisa bisa gawe kalise ulenen glepung roti. Ragi sathithik bisa ngalisake ulenan akeh. Ragi iku dadi gambarane barang kang katone sepele utawa cilik nanging duweni pengaruh gedhe. Pengaruh mau bisa becik bisa ala. Naging di wacan iki ragi kang dikarsaake Gusti Yesus katujoake ing bab pengaruh kang ala, saka wong Farisi lan Sadukimulane kudu awas lan waspada. Ragi ing kene yaiku, pamulange para Farisi lan Saduki. Piwulange para Farisi lan saduki nduweni pengaruh gedhe tumrape wong Yahudi ing bab agama lan sosial. Wong Farisi nduweni panemu ing antarane; Kaselametan iku awit nindaake Toret kanthi sampurna, dene wong Saduki ora percaya anane tangining raga. Kajaba kui padha nganggep manawa sapepadhane manungsa kui mung sapepadhane wong Yahudi. Kajaba iku wong-wong Farisi seneng pamer bab urip (ritual) keagamaane. Sajroning sejarah, wong kang duwe panguwasa lan para ulama, nduweni pengaruh kang gedhe tumrap masyarakat. Jaman saiki akeh penguwasa lan ulama kang nyalah gunaake pengaruh kanggo nggayuh panggayuh politik lan ekonomi. Piwulang agama kerep dimangerteni keliru, eksklusif, lan fanatik, ndadekake panganute rumangsa bener dhewe, seneng ngala-ala agama liya lan ngalang-alangi wong wong liya nindakake piwulang agamane. Media sosial uga kerep dipigunakake kanggo nyebarake pawarta, piwulang lan paham-paham kang ora kabeh bener lan becik. Piwelinge Gusti Yesus ngemu teges aja gawe pengaruh kang ala, lan aja kena pengaruh samubarang kang ora becik. Kosokbaline, duwea pengaruh kang becik lan aja kabidung pengaruh kang ala, lumantar kuwasa, agama lan media sosial. |*SSS
Renungan Harian Sadhar September 2023
Tema: Pangibadah Punika Pratandha Lan Paseksi Klik Disini Untuk Mengunduh Bahan Temukan Pengalaman baru Renugan Harian Sadhar didalam genggaman smartphone. unduh Aplikasi Renungan Harian Sadhar


