+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 27 Juni 2023 Minggu Limrah VIII

Purwaning Dumadi 25:12-18; Jabur 86:11-17; Wahyu 2:8-11

SETYA TUHU NGANTOS PUNGKASAN

“Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal

Sun ganjar makuthaning kauripan.”

                                                                   (Wahyu 2: 10c)                                 

Nalika semanten, rasul Yokanan ngiyataken manahipun pasamuwanipun Gusti ingkang saweg nandhang panindhesing bangsa Rum saha pra pemimpining bangsa Yahudi. Piyambakipun negesaken bilih sedaya tiyang pitados ingkang setya tuhu ngantos tumekaning pati, bakal kaparingan makuthaning panguripan. Punika nelakaken prasetyaning Gusti kangge pra umat lumantar rasul Yokanan.

Kados pundi kawontenanipun pra umat pitados samangke? Pra tiyang diwasa langkung kiyat ngadhepi sedaya kawontenan ingkang boten ngremenaken. Ananging ingkang kedah kita titeni kanthi premati inggih punika bab sesambetanipun para lare alit ing satengahing bangku pasinaon saha ing satengahing lingkungan sakiwa tengen. Menawi ing kompleks perumahan mbok menawi boten patos ketingal awrat. Ananging menawi ing satengah kampung, punika langkung tetela. Upaminipun, wonten lare ingkang rumaos boten dipun tampi dening pra lare sanes karana beda kapitadosanipun. Piyambakipun boten gadhah kanca lan manahipun sangsaya dangu sangsaya sedhih. Punika kawontenan ingkang boten ngremenaken kangge kathah lare kita ing satengahing pergaulanipun.

Punika dados timbalan mirunggan supados kita sami ngancani pra lare kanthi tumemen, mirengaken pasambatipun, ndherek ngraosaken kasedhihanipun saha ngiyataken manahipun. Satemah, pra lare saged kalipur saha rumaos nggadahi kanca ingkang sejati inggih punika tiyang sepuhipun saha pra kanca sapatunggilan. Ananging kita sami ugi nuntun supados pra lare tetep nresnani kancanipun sinten kemawon sinaosa sampun nebihi piyambakipun. Kanthi mekaten, pra lare kasagedaken mungel saking manah: “Dhuh Gusti Yesus, kawula badhe setya tuhu!”  I* OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ