+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 30 Mei 2023 Minggu Pentakosta

Yehezkiel 39:7-8, 21-29;  Jabur 104:24-34, 35b;  Rum 8:26-27

HALELUYA!

“Heh nyawaku, ngluhurna asmane Pangeran Yehuwah! Haleluya!

(Jabur 104:35b)

Saben awake dhewe krungu wong kang ngucap Haleluya, rancake banjur mrenthul ana ing njero batin: “kuwi sing kandha Haleluya mesthi wong Kristen.” Ora luput pamawas mangkono, awit pancen tembung Haleluya kuwi kaya-kaya wis dadi monopoli duwekke wong kristen, sing ngucap mesti wong Kristen.

Apa ta tegese tembung Haleluya? Haleluya utawa Aleluya miturut Kamus Alkitab kuwi tembung saka basa Ibrani, tegese Pujinen Gusti Allah.  Dadine saben awake dhewe ngucap Haleluya, ing saksisih pancen awake dhewe memuji Gusti Allah, ananging ing sisih liyane uga ngajak wong liya sing ngrungokake supaya padha melu memuji Gusti Allah. Memuji Gusti Allah pancen kudu tansah katindakake dening wong kang ngaku Kristen, awit wis binerkahan kaslametan ana ing Gusti Yesus. Sakliyane kuwi, akeh banget kang bisa dadi lantaran anggone awake dhewe memuji lan ngluhurake Gusti Allah.  Saben dina awake dhewe ora tau kurang pangan. Manawa digagas, apa ya tau uripe awake dhewe nganti blas  ora bisa mangan karana ora ana sing bisa dipangan? Rancake malah awake dhewe sok mbuwang-mbuwang panganan. Mulane kudu ngucap Heleluya!

Apa ya nate sakumur-umur awakhe dhewe nandhang lelara? Manawa digatekke, ing sakdawane uripe awake dhewe isih luwih akeh entuk kasarasan katimbang lelara. Ananging manawa awake dhewe lagi nemahi lelara, kaya-kaya uripe awake dhewe kebak lelara, lali manawa sakdurunge seger waras pirang-pirang taun. Mulane kudu ngucap Haleluya wis tansah kaparingan sehat.

Memuji Gusti kanggone akeh wong dudu perkara kang gampang, luwih penak nggrundel katimbang memuji Gusti. Kanggone awake dhewe kudune memuji Gusti kuwi ora angel katindake, anggere awake dhewe gelem ngeling—eling berkah-berkahe Gusti kang akeh banget saben dina ditampa, mesthi awake dhewe tansah ngucap Haleluya kanthi gumolonging ati. |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ