+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 29 Mei 2023 Minggu Pentakosta

Yoel 2:18-29; Jabur 104:24-34, 35b; Rum 8:18-24

NGIDUNG SAJEGE URIP

“Sajegku urip aku arep ngidung kagem Sang Yehuwah, salawase aku ana,

aku arep ngidung masmur, konjuk marang Gusti Allah.”

(Jabur 104:33)

Ayo kadang sutrsina, sakdurunge mbacutake panggilut-gilut sabdane Gusti, ngidung ndhisik kekidungan Sakjege Aku Ndherek Gusti, wis apal kekidungane to?

Sajege aku ndherek gusti, uripku tansah diberkahi

Atiku ayem tentrem, atiku ayem tentrem

Kabeh iku Gusti Yesus sing maringi

Matur nuwun, matur nuwun.

Matur nuwun Gusti Yesus kula matur nuwun

Matur nuwun, matur nuwun

Matur nuwun Gusti Yesus kula matur nuwun.

Kekidungan Sakjege Aku Ndherek Gusti mesthi wis dadi kekidungan kang kerep dikidungake, mratelakake pamatur nuwun nalikane sajegge urip ndherek Gusti, urip tansah kebak berkah, tansah ngrasakke ayem lan tentrem.  Kidung kang cendhak, ananging momot teges kang jero.

Sang Juru Mazmur uga duweni krenteg arep tansah memuji Gusti Allah ing sakjege uripe, arep tansah ngengidung lan ngunjukkake kidung mazmur kanggo ngluhurake Gusti. Kena apa kok Sang Juru Mazmur duweni krenteg kaya mangkono iku? Awit Sang Juru Mazmur wus nekseni manawa Gusti Allah kuwi agung, kang nitahake bumi dalah sakisine. Kabeh titahe dadi gegambaran lan dadi seksi kaluhurane Gusti Allah. Pepadhang pindha nyampinge Gusti Allah, langit digelar kayadene tendha, megamega kayadene titihane, bumi kaya dene ancik ancikane, ilen-ilenan banyu saka gunung-gunung tumuju lebak-lebak dadi omben-ombenane sato kewan. Kabeh kang ana ing Jabur Mazmur 104 nyaritakake kekidungane Sang Juru Mazmur kanggo ngluhurake Gusti Allah. Kepriye mungguh awake dhewe? Apa sakjege urip arep tansah negngidung nluhurake asmane Gusti Allah?  |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ