+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 31 Mei 2023 Minggu Pentakosta

Wilangan 11:24-30;  Jabur 104:24-34, 35b; Yokanan 7:37-39

BANYU URIP

“Sing sapa pracaya marang Aku iku kaya wiraose kitab:

Ilen-ilen banyu urip bakal padha mili saka ing batine!”

(Yokanan 7:38b)

Nalika samana Nyi Putri Galuhwati lan Pangeran Joyokusumo, katundhung saka kraton Majapait. Awan wengi mlaku mangulon nratas alas gung lewang lewung. Ing sawijining dina nalika nembe neruske laku, Nyi Putri Galuhwati ngrasakake ngelak kepingin ngombe. Pangeran Joyokusumo sanalika ndudut keris pusakane kang aran Kyai Panubiru saka warangkane lan ditancepke ana ing lemah, nalika keris mau didudut saka lemah sanalika metu banyu kang seger kanggo ngilangi rasa ngelak.  Dening warga sakiwa tengen papan kuwi banjur ditengeri kanthi aran Banyu Urip, amarga mudale banyu kang marakke awak dadi seger lan dadi urip. Mangkono kuwi legenda babad desa Banyu Urip kang ana ing tlatah Purworejo.

Banyu kang seger pancen bisa nyarasake, bisa ngilangi rasa ngelak lan ndadekake kang ngombe banyu iku bisa nerusake urip. Kuwi kanggone badan wadhag, lha kanggone karohanen kapriye? Sabda Dalem Gusti ngendikaake: Sing sapa pracaya marang Aku iku kaya wiraose kitab: Ilen-ilen banyu urip bakal padha mili saka ing batine!” Pangandikane mangkono iku mau kang dikarsakake yaiku Roh, kang bakal ditampa dening wong-wong kang padha pracaya marang Panjenengane. Anggere kita pracaya marang Gusti Yesus, kita bakal nampa Roh, kang saka Gusti Yesus, lan Roh Suci kuwi kaya dene ilen-ilening banyu kang ora tau asat, kang njalari kita seger, njalari kita urip. Awit iya Roh Suci iku kang nuntun awake dhewe supaya bisa urip cundhuk karo karsane Gusti. Awake dhewe ora bakal bisa urip mbangun turut marang Gusti manawa ora katuntun dening Sang Roh Suci, ananging Roh Suci uga ora meksa awake dhewe kudu manut panuntune, awit awake dhewe kuwi duwe kamardikan kanggo milih, arep nurut nalika dituntun Roh Suci, apa arep mbanggel lan nggugu karepe dhewe.  Miturut panjenengan apike ing kepriye?  |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ