Wilangan 16:41-50; Jabur 99; I Petrus 4:7-11
PATING KEDUMEL
“Nanging esuke wong Israel saumat kabeh padha pating kedumel mapali
marang Nabi Musa lan Imam Harun, ature: “Panjenengan ingkang sami mejahi umatipun Sang Yehuwah.”
(Wilangan 16:41)
Nalika semana, ing salah sawijining loket pendaftaran Rumah Sakit, antriane dawa banget, ana ibu sing nggrundel nalika njupuk nomer antrian. Ing ngarepe wis ana 21 wong sing wis ngadeg ngenteni giliran. Ibu sing ana ing urutan 22 iku grundel lan ora sabar nunggu giliran. Ora ana enteke anggone ngedumel nganti ngganggu wong liyane. Satpam Rumah Sakit banjur nyedhaki lan ngelingake kanthi alus supaya anteng lan sabar, ananging ibu mau malah nesu lan sangsaya seru anggone ngedumel. Pungkasane ibu mau di getak dening satpam: “Bu! Yen kepengin diladeni disik mangkata gasik! Mesti entuk nomer antrian cilik! Aja wis tekane telat nggrundel wae! Yen ora gelem antri bali wae, sesuk amgkata sing gasik!
Nggrundel, ngedumel utawa ngomel terus kuwi rancake dadi pakulinane wong kang ora bisa ngendhaleni dhiri, gampang nesu, ora bisa sabar. Manawa nampa babagan kang ora nyenengake atine, banjur nggrundel pating kedumel.
Mangkono uga bangsa Israel, kawentar minangka bangsa kang gampang grundelan gampang pating kedumel, nalika nampa panandhang ora intospeksi ananging malah nyalahke wong liya. Ana ing lelakone bangsa Israel, Musa dadi pihak kang kerep disalah-salahke. Musa didakwa minangka kang njalari akeh umat Israel nemahi tiwas. Bangsa Israel ora gelem ngilo apa sakjane kang jalari Gusti Allah ngukum nganti padha nemahi tiwas.
Kanggone awake dhewe, kudu bisa ngendhaleni dhiri, ora gampang nepsu, emosi, apa dene grundelan pating kedumel nalika nemahi bab-bab kang ora kepenak. Kudu bisa sabar, kudu bisa wening, awit grundelan lan pating kedumel kuwi ora ndadekake renane penggalihe Gusti. |*NT