+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 21 Mei 2023 Minggu Paskah VII

Lelakone Para Rasul 1:6-14; Jabur 68:2-11, 33-36; I Petrus 4:12-14; 5:6-11;

 Yokanan 17:1-11

SUMELANG

“Sakabehing sumelangmu pasrahna marang Panjenengane,

sabab Panjenengane kang ngopeni kowe kabeh.”

 (I Petrus 5:7)

Ana ing salah siji toko online ana iklan kaya mangkene: Dijual Obat Stress & Depresi & Gelisah & Khawatir & Sedih & Takut & Susah Tidur. Regane lumayan larang, atusan ewu. Sanajan larang, ya akeh sing tuku, ketok saka komentar-komentar konsumene. Kandhane manjur, isa ngilangi rasa kuwatir, lan isa ndadekke angler anggone turu.

Ananging tuwuh pitakonanku, manawa obate entek, apa ya tenanan mari anggone sumelang? Tak kira manawa ora digoleki apa sing njalari was sumelang lan mung ngempengke ngombe obat, was sumelange kuwi ya durung mari, durung ilang. 

Manungsa biasane sumelang bab kabutuhaning urip, babagan pangan, sandang, lan papan, isih ana uga babagan liyane kayata pagawean, bojo, anak, kasarasan lan liya-liyane. Awit pancen kuwi mau kabeh dibutuhke dening manungsa. Ananging aja lali, ora mung awake dhewe sing ngerti nek manungsa mbutuhake bab iku, Gusti Allah uga pirsa. Mulane Gusti Allah ngendika, ora usah sumelang, sakabehing sumelangmu pasrahna.  Emane awake dhewe mung didhawuhi pasrah wae sok angel, sok ora gelem, ora ngandel manawa Gusti Allah bisa ngopeni awake dhewe ing samubarang.

Karana ora pracaya manawa Gusti ngreksa, mulane arep turu angel, kakehan sing dipikir, mbudidaya nganggo kakuwatane dhewe piye carane nuntasi prakarane urip. Lali manawa kudune sing sepisanan ndhisik ditindakake yaiku pasrah sumarah marang Gusti, masrahke kabeh was sumelange awake dhewe. 

Manawa pasrah sumarah marang Gusti luwih dhisik, pikiran bakal tenang, ayem lan padhang, banjur ing panuntuning Gusti bisa nemokake dalan pangluwaran. Ora bakal stress apa dene depresi. *NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ