+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 22 Mei 2023 Minggu Paskah VII

Kaimaman 9:1-11, 22-24; Jabur 99; I Petrus 4:1-6

NGISI WEKTU

“supaya wektu kang isi ana, aja kokanggo nuruti kepencuting manungsa,

nanging mituhu marang ing karsaning Allah.”

(I Petrus 4:2)

In Time, kuwi judul film layar lebar, kang nyritaake urip ing jaman samengko, yaiku ing tahun 2169. Ing taun iku, uripe manungsa bakal mandheg nalikane ngancik umur 25 tahun. Saben wong dipasangi jam tangan kang nudhuhake jatah turahe wektu uripe. Manawa pingin umure tambah dawa, kudu tuku tambahan umur.  Kanggone sing sugih, ora dadi masalah, tapi kanggone sing ora duwe, dadi masalah.  Ing film iki cetha manawa wektu kuwi duwit. Mulane saben wong mbudidaya ngisi wektu uripe kanthi bab kang aji lan wigati.

Babagan wektu pancen jane wigati banget, awit anggone awake dhewe tumindak, kepriye carane awake dhewe urip, kepriye anggone ngisi wektu, kuwi nemtokake kepriye ing pungkasane uripe awake dhewe ing samengko.

Pancen manawa digagas kanthi jeru, dawane urip kuwi sakjane ya lumakune wektu. Sadhetik mbaka sadhetik nganti taun mbaka taun. Kadangkala lakune ora krasa, ngerti ngerti wing ngancik pirang taun umure urip.  Kadangkala uga awake dhewe nganti lali, ora kelingan maneh apa kang wis ditindakake ing wektu kang wis kapungkur. Gusti Allah lumantar Rasul Petrus paring pitutur supaya awake dhewe migunakake wektu kang isih ana kanthi wicaksana, aja sembrono. Aja mung kanggo nuruti hawa nepsu kang ora migunani lan ora ndadekake kaluhuran asmane Gusti.  Manawa awakhe dhewe anggone urip mung diisi kanthi laku nuruti hawa nepsu, mesthi pungkasane uripe awake dhewe ora tentrem, ora ngluhurake asmane Gusti. Anaging suwalike manawa saben wektu urpe awakhe dhewe diisi kanthi tumindak kang pener, kang dadi berkah kanggo wong liya, ing pungkasan awake dhewe uga bakal ninggal jeneng kang dadi kaluhuran tumrap asmane gusti lan dadi aji tumrap tedhak turune awake dhewe. Mulane payo aja sembrono nalika urip, supaya Gusti kaluhurake lumantar awake dhewe.  |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ