+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 20 Mei 2023 Minggu Paskah VI

II Para Raja 2:13-15; Jabur 93 ; Yokanan 8:21-30

NGANDEL APA ORA?

“Mulane Aku mau tutur ing kowe, manawa kowe bakal padha mati

sajroning dosamu. Amarga manawa kowe padha ora ngandel yen Aku

 iki Panjenengane, wus mesthi kowe bakal padha mati ing sajroning dosamu.” (Yokanan 8:24)

Pracaya apa ora? Ngandel apa ora? Pitados punapa mboten? Percaya atau tidak?  Tembung percaya ing kamus bahasa Indonesia tegese: 1. mengakui atau yakin bahwa sesuatu memang benar atau nyata; lan 2. menganggap atau yakin bahwa sesuatu itu benar-benar ada.

Bab ngandel apa ora kuwi pancen babagan kayakinan. Manawa ana kabar kang sumebar, awake dhewe bisa yakin manawa kabar kuwi bener-bener  nyata,  bisa uga yakin manawa kabar kuwi ora nyata utawa mung kabar hoax.

Kabar kang sinebut Kabar Kabungahan utawa Injil, mbabar bab Gusti Yesus kang nate gesang udakara 2000 taun kapungkur. Awake dhewe ora dadi saksi mata, ora weruh dhewe, mung krungu saka pawartane para rasul kang katulis ing Kitab Suci.  Kena apa kok awake dhewe pracaya? Kena apa kok ngandel? Iki babagan kayakinan ati. Awake dhewe yakin manawa Gusti Yesus kuwi nyata. Miyose disekseni dening para pangon lan para majus. Sedane nalika sinalib disekseni dening wong sak kutha Yerusalem pancen nyata manawa kang disalib kuwi Yesus, dudu wong kang praupane memper Yesus. Wungune saka antarane wong mati disekseni para wong wadon, para prajurit kang njaga kubur, lan ing antarane 40 dina ngatingal marang luwih saka 500 sadulur sadulur. Sumengkane marang suwarga uga disekseni kabeh pandhereke. Kabeh kuwi mau wis luwih dene cukup dadi dhasar anggone awalke dhewe yakin lan dadi ngandel marang Gusti Yesus kang diwartake ing Kitab Suci.

Mulane awake dhewe uga ngandel manawa ora pracaya ana ing Gusti Yesus ateges awake dhewe bakal tetep mati ing sajrone dosa, suwalike manawa pracaya marang Gusti Yesus awake dhewe bakal entuk urip langgeng. Mulane yuk  aja nganti ora ngandel!  |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ