+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 19 Mei 2023 Minggu Paskah VI

II Para Raja 2:1-12; Jabur 93; Efesus 2:1-7

KAPITULUNGAN RAHAYU

“Nanging Gusti Allah kang sugih kawelasan, awit saka gedhening katresnan

kang kaluberake marang kita, wus nguripake kita bareng karo Sang Kristus, sanadyan ta kita wis padha mati, awit saka kaluputan-kaluputan kita

— marga saka sih-rahmat kowe padha kapitulungan rahayu — (Efesus 2:4)

Dari pintu ke pintu kucoba tawarkan nama

Demi terhenti tangis anakku dan keluh ibunya

Tetapi nampaknya semua mata memandangku curiga

Seperti hendak telanjangi dan kuliti jiwaku

Apakah buku diri ini harus selalu hitam pekat?

Apakah dalam sejarah orang mesti jadi pahlawan?

Sedang Tuhan di atas sana tak pernah menghukum

Dengan sinar mataNya yang lebih tajam dari matahari

(Kalian Dengarkah Keluhanku – Ebiet G. Ade)

Tembange Ebiet G. Ade ing dhuwur kuwi nyritake wong lanang kang duwe masa lalu kelam, mantan narapidana,  lan tetep kaanggep elek dening masyarakat. Pancen manungsa kuwi angel aweh pangapura marang kang gawe kaluputan, apa maneh manawa kaluputane diangggep gedhe.

Beda karo Gusti Allah, paseksine Rasul Paulus, Gusti Allah kuwi sugih kawelasan, gedhe katresnane nganti luber. Rasul Paulus, ndhisik tumindake tukang nganiaya para pandhereke Gusti Yesus, ananging amarga Sih Rahmate Gusti, katimbalan dadi sekesine Gusti. Rasul paulus rumangsa antuk pitulungan amarga Sih Rahmate Gusti, ora amarga saka tumindake.

Mangono uga awake dhewe, sakjane uga kebak luput, kebak dosa, ananging amarga Sih Rahmat, awake dhewe kapitulungan rahayu. Ora amarga tumindak kita, ora amarga kabecikan kita, kabeh amarga SIh Rahmat. Mulane ayo padha ngunjukake panuwun lan puji sokur marang Gusti. |*NT

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ