Habakuk 3:2-6; Jabur 126; Filipi 3:12-16 NGUDI BISANE OLEH GANJARAN “Aku ora kandha lan rumangsa wis menang utawa wis dadi sampurna. Nanging aku tansah ngudi bisané olèh ganjaran sing wis dicawisaké déning Sang Kristus srana nimbali aku dadi kagungané” (Filipi 3:12) Saben wong nampa ganjaran saka tumindak lan uripe dhewe-dhewe. Sapa sing nandur iya bakale ngundhuh. Sing nyambut gawe oleh upah. Gusti ora sare, Gusti pirsa sapa abdine sing makarya tumemen bakal kaganjar kaluberan berkah lan sihrahmat. Nanging sapa kang nyebar memala iya bakal ngundhuh piala lan paukuman. Ora ana sing luput saka ganjarane Gusti, iya ganjaran berkah, mangkono uga ganjaran paukuman. Kita nampa piwulang supaya nyambut gawe tanpa pamrih. Nanging ing kanyatan padinan nyambut gawe sing tanpa pamrih iku ngapusi. Wong sing luwih kwasa kerep ngrebut ganjaran sing kudune dadi hak saka wong sing nyambut gawe. Wong tulus ning bodho gampang wae diapusi, supaya kerja bakti lan ora oleh imbalan saka anggone melu nyambut gawe. Ing taun ngarep bakal ana pemilihan umum. Apa tim sukses lan pendukung calon gelem nyambut gawe tenanan menawa ora ana ganjarane? Para relawan sing ora dibayar uga nampa ganjaran, yaiku nalika calon sing didukung menang, apa sing dadi pepenginan lan aspirasine bisa disalurake. Iku kang dadi ganjarane. Rasul Paulus uga ngudi bisane oleh ganjaran sing wis dicawisake dening Gusti. Rasul Paulus duwe pamrih, yaiku bisaa nampa urip anyar, sing dicadhangake lantaran Sang Kristus Yesus. Ganjaran iku ora awujud kalungguhan ing mahkamah agama Yahudi, utawa dadi guru toret, utawa pangarsane bangsa. Ganjaran sing ditampa Rasul Paulus ora liya urip sing bebungah, ing pamuji, panuwun lan sokur, awit bisa nunggil karo Gusti, lan netepi apa sing dadi dhawuh timbalane Gusti. Panduman sing ditampa ing patunggilan karo Gusti iku linuwih tinimbang sakabehe sing bisa dijanjekake dening liyane. Malah kanggone Rasul Paulus, urip iku Sang Kristus. |*YTP
Kemis, 14 Desember 2023 Minggu Adven II
Habakuk 2:1-5; Jabur 126; Filipi 3:7-11 MILIH MUNG SIJI PRAKARA “Mung saprekara sing dakudi, yakuwi kepriye bisaku wanuh karo Sang Kristus lan ngrasakake pangwasane wungune saka ing seda, sarta ndherek ngalami sangsara lan sedane“ (Filipi 3:10) Maca paseksene Rasul Paulus marang pasamuwan ing kutha Filipi iki, kula dadi eling marang Pdt. Probowinoto. Wiwit katahbisake dadi pandhita kanggo pasamuwan Jawa ing kutha Jakarta kang dadi cikal bakale GKJ Jakarta, Pdt. Probowinoto wis dadi wakile wong Kristen anggone adhep-adhepan karo pamarentah Jepang. Kiprahe lanjut ing Panitia Persiapan Kemerdekaan Indonesia kang rerembugan nyiapke dhasar negara, lan UUD 1945. Nalika perang kamardhikan lan Landa karo Sekutu nguwasani Jakarta, Pdt. Probowinoto melu ngungsi ing Ngayogyakarta. Miwiti maneh mulang para calon pandhita ing Duta Wacana. Ngadegake pakumpulan greja sing ndukung kamardhikan Indonesia, ing tahun 1950 dadi Dewan Gereja Indonesia. Akeh uga yayasan sosial, penerbitan, sekolah-sekolah, lan lembaga pelayanan masyarakat sing diadegake dening Pdt. Probowinoto, klebu Universitas Kristen Satya Wacana ing Salatiga. Dadi tokoh greja lan makarya satengahing bangsa dudu dadi cita-citane Pdt. Probowinoto. Iku kabeh katindakake, amarga ngudi timbalan leladi, urip sing katur konjuk marang Gusti. Rasul Paulus bisa milih cara urip liya, nanging sawise katimbalan dening Gusti, sanajan ndherek ngalami sangsara sing gedhe urip lan matine Rasul Paulus mung katur konjuk marang Gusti. Ngudi urip leladi marang Gusti iku dalane angel lan rumpil. Akeh kahanan sing bisa wae nibakne ing panggodha, rumangsa bisa nampa kaurmatan lan kwasa minangka abdine Gusti. Durung maneh panggodha ing bandha lan fasilitas, utawa kalungguhan amarga akeh wong sing manut nurut lan precaya. Saiki akeh para politisi sing obral janji kamangka durung duwe bukti. Sejarah bakale nyathet lan ngajeni, sapa sing pancen sedya leladi, minangka abdi, lan sapa sing mung golek kalungguhan lan kwasa, mengko malah mung mblenjani janji. |*YTP
Rebo, 13 Desember 2023 Minggu Adven II
Maleakhi 2:10-3:1; Jabur 27; Lukas 1:5-17 GUSTI WUS PRAJANJI PARING SIH PALIMIRMA “Nanging malaékat mau banjur ngandika: “Aja wedi, Zakharia! Gusti Allah wis miyarsakaké pandongamu. Élisabèt, somahmu, bakal mbabar anak lanang. Bocah kuwi jenengna Yohanes” (Lukas 1:13) Ing dusun, jeneng bayi kang lair iku lumrahe lagi diwartakne nalika sepasaran bayi. Wong tuwa duwe wektu 5 dina sadurunge jeneng anake ditetepke, srana kondangan sepasaran. Mesti ana uga sing nalika bayi isih ana njero weteng wis ngrancang jeneng. Apamaneh saiki liwat USG wis bisa ngerti dhisik, bayine lair lanang utawa wadon. Jeneng bayi iku nggawa pandonga lan pengarep-arep, bakal dadi apa bayi sing lair iku mbesuke. Brayate Imam Zakharia lan Ibu Elisabeth iku uga wis nggawa pawarta. Tegese jeneng Zakharia: Elinga lan dadekna pengetan, Elisabeth: Gusti Allahku sampun paring sabda-pangandika. Lan bayi kang dijenengke Yohanes tegese: Gusti Allah paring sih-palimirma. Dadi, jenenge sabrayat Zakharia iku martakake kabar kabungahan: Supaya umat padha eling lan ndadekne pangenget, menawa Gusti Allah sampung paring sabda-pangandika, maringi sih-palimirma marang manungsa. Jeneng kula: Yahya Tirta Prewita, Yahya iku basa Arab kanggo Yohanes, Tirta utawa banyu ngelingake bab Yohanes Pembaptis, lan Prewita iku tegese muride pandhita. Puji sokur marang Gusti, tiyang sepuh sampun paring jeneng kang pandonga pamuji lan panyuwunane bisa kaleksanan. Tahun 2023 iki kula bisa makarya leladi minangka pandhita pasamuwan ing GKJ Purwantoro ngancik 31 taun. Kita kabeh uga nggawa jeneng saka wong tuwa kita. Ing sekolah, bocah-bocah sing laire taun 2000-an akeh sing dijenengke nganggo jeneng saka basa Arab. Ana uga mode njenengke anak kaya artis sinetron, bintang film, lan pemain bal-balan sing disenengi dening wongtuwane. Eman menawa jeneng mung melu-melu lan ora ana tegese. Ing mangsa adven iki kita kaelingake marang lelampahane brayat imam Zakharia sing cekak aos lan gamblang martakne, pakaryan sihrahmate Gusti kang kababar. |*YTP
Slasa, 12 Desember 2023 Minggu Adven II
Yesaya 4:2-6; Jabur 27; Lelakone Para Rasul 11:1-18 TINARBUKA MARANG BANGSA LIYA “Bareng krungu critané Rasul Pétrus sing mengkono mau, wong-wong ora padha nyalahaké Rasul Pétrus menèh, malah banjur padha memuji marang Gusti Allah, karo muni: “Yèn mengkono Gusti Allah uga wis maringi wewengan marang wong-wong liya bangsa, sing padha nganut agama kapir, supaya padha mratobat, temahan padha urip” (L. Para Rasul 11:18) Wiwit jaman kuno, bangsa siji wis ketemu lan urip bebarengan karo bangsa liya. Ora ana sing bisa mestekne menawa dheweke iku turunan sing murni lan blas ora kecampuran saka suku bangsa liyane. Apamaneh nalika anggone mriksa iku nggunakne DNA (deoxyribonucleic acid, jenis asam nukleat sing nurunke lan mariske sipate manungsa), jebul antarane wong Londo sing kulite putih irunge bangir lan rambute pirang karo wong negro, utawa wong Asia hasile DNA padha wae, beda lan variasine sithik banget. Rasul Petrus lan pasamuwan kawitan iku mulabukane saka bangsa Yahudi. Nalika Injil kawartakake marang bangsa-bangsa liya, adat tradisi Yahudi sing ora ngolehake mlebu ing omahe bangsa liya, lan ora gelem amor mangan bareng karo wong saka bangsa liya dadi alangan. Omahe Kornelius, perwira prajurit Romawi ing Kaesaria miwiti owah-owahan anyar, anggone pasamuwan Kristen iku kadhawuhan supaya uripe tinarbuka kanggo bangsa-bangsa liya. Prekara najis lan haram, umate Gusti lan bangsa kapir wis dudu pranatan sing ngalang-alangi anggone bisa amor bareng bangsa liya. Kaping telu Rasul Petrus nampa tetingalan kang nyantosakne anggone kendel lan manteb mlebu ing omahe Kornelius. Wanci iki bangsa Indonesia ngadhepi golongan-golongan sing tetep wae nggunakne politik identitas. Agama ditunggangi dening politik identitas ora kanggo mbangun patunggilan bangsa, nanging malah kanggo mecah lan gawe kisruh. Kamangka sanajan beda suku lan bangsa iku uga padha-padha manungsa, mangkono uga sanajan beda agama siji lan sijine iku kabeh manungsa, lan Gusti Allah ngersakne kaslametan lan tentrem rahayu kanggo kabeh manungsa. Agama sing ora tinarbuka kanggo rembugan lan nampa agama liya iku butuh mratobat supaya ora koncatan sihrahmate Gusti Allah. |*YTP
Senen, 11 Desember 2023 Minggu Adven II
Yesaya 26:7-15; Jabur 27; Lelakone Para Rasul 2:37-42 KAWIWITAN SAKA ATI KANG TRENYUH “Bareng wong akèh krungu ketrangan sing mengkono mau, atiné trenyuh banget. Nuli padha matur marang Rasul Pétrus lan para rasul liyané: “Para sedhèrèk, menawi mekaten menapa ingkang kedah kula lampahi?” (L. Para Rasul 2:37) Ing acara TV ana acara sing kok tetep wae ana, iya iku dodolan rasa trenyuh lan welas marang wong sing mlarat lan rekasa. Digawe tayangan kepiye uripe padinan sing mlarat, kahanan omahe sing bobrok, ditambah wawancara sing dijarag supaya gawe trenyuh sapa wae sing nonton. Bar iku diwenehi bantuan, bisa dhuwit, bisa barang, malah uga digawekne omah. Rasa trenyuh bisa diolah dadi tontonan TV. Mangkono uga ana yayasan sosial sing biyen saben ana bencana mesti gawe iklan gedhe-gedhe, iya ing koran, majalah, TV, lan ing media sosial kaya facebook lan youtube. Isine nyritakne kahanan para korban bencana sing melas, butuh pambiyantu, lan kepiye yayasan sosial iku nyalurke bantuan donatur kanggo mitulungi para korban sing mbutuhake bantuan. Ora lali iklan donasi bencana iku ditambahi ayat-ayat saka kitab suci, supaya sing nyumbang sangsaya manteb menawa iku sedekah akherat, lan dadi sangu berkah ing swarga. Eh, tahun kepungkur yayasan iki malah konangan nyolong dhuwit bantuan sing kudune disalurke, malah nyasar ing kelompok teroris, kanggo ngragadi demo-demo, lan dana paling akeh kanggo bancakan para penguruse. Pawarta Injil Gusti Yesus iku uga ndadekne rasa trenyuh marah para wong sing nampa pawarta iku. Yagene Gusti Yesus Kristus nglampahi sangsara lan seda sinalib minangka kurban kanggo nebus dosane manungsa. Yagene Gusti Yesus sing ora dosa lan ora duwe kaluputan malah kasedanan ing salib. Nanging beda karo contho tayangan ing TV utawa yayasan sosial sing ngapusi, rasa trenyuh sing bener iku nggawa pamratobat. Panelangsane malah marang awake dhewe sing tumindak cidra lan dosa. Iki rasa trenyuh sing nggawa sihrahmat. |*YTP
Ahad, 10 Desember 2023 Minggu Adven II
Yesaya 40:1-11; Jabur 85:1-2, 8-13; II Petrus 3:8-15a; Markus 1:1-8 SIKEP MINANGKA UTUSANE GUSTI “Nabi Yohanes ngandika marang wong akèh mau mengkéné: Sapungkurku bakal ana Wong teka, sing kwasané ngluwihi aku. Nguculi taliné sepatu waé aku ora pantes” (Markus 1:7) Kula nate anyel ning uga kepengin ngguyu kepingkel-pingkel nalika ngrungokne khotbah salah siji pandhita, nyritakne nalika numpak bus lan ora oleh kursi kanggo lungguh amarga bus wis kebak. Pandhita iku nyritakne pangudarasane nalika diesuk-esuk ana njero bus, “Apa ora ngerti yen aku iki hamba Tuhan?” Ana paradoks (kosok walik) ing tembung lan cara mikire, nyebut awake dhewe hamba Tuhan, tegese abdi, nanging njaluk diajeni mirunggan kaya-kaya bendara utawa priyayi sing ora patut menawa ngadeg suk-sukan ana bis. Nabi Yohanes paring tuladha sikep sing ngesorake dhiri minangka utusane Gusti. Sanajan wiwit bayi wis kapenuhan ing Roh Suci, lan sabangsa padha ngajeni piyambake minangka Nabi-ne Gusti. Nanging ing ngarsane Gusti Yesus, Nabi Yohanes ngesorake dhiri sak asor-asore. Ora mung ngendika menawa Sing Rawuh iku kwasane ngluwihi dheweke, nanging uga nggambarake menawa nguculi taline sepatu wae Nabi Yohanes nganggep dheweke ora pantes. Kejaba kwasa ing politik, kwasa ing ekonomi, kwasa ing urip sosial masyarakat, ing agama ana uga kwasa. Nanging kwasa sing ana ing agama iku asale ora liya peparing lan sihrahmate Gusti. Ora bisa kanggo ngegungake dhiri, malah wohe sing sejati ora liya kejaba sikep sing andhap asor, lembah manah, ngesorake dhiri amarga ngrumangsani menawa dheweke iku saderma abdi, sing kudu leladi. Dudu bendara, juragan, utawa priyayi agung sing kalungguhane luhur, suci lan mulya. Sandhangane Yohanes dudu jubah alus apa maneh jas, nanging wulu onta. Sikepe andhap asor. Awit Gusti Allah mbuyaraké wong sing padha angkuh. Gusti Allah nglorod para pangwasa saka ing kalungguhané, lan wong sing asor diluhuraké (Luk.1:51-62). |*YTP
Setu, 9 Desember 2023 Minggu Adven I
Yehezkiel 36:24-28; Jabur 85:1-2, 8-13; Markus 11:27-33 KWASA LAN KAWENANGAN KANGGO TUMINDAK “Wong-wong mau padha matur marang Gusti Yésus: “Panjenengan nindakaken prekawis-prekawis menika adhedhasar pangwaos menapa? Sinten ingkang nyukani wewenang dhateng Panjenengan nindakaken menika sedaya?” (Markus 11:27-33) Sumbere kwasa ing donya iku mawerna-werna. Bandha, dana, kalungguhan, lan pangkat iku nduweni kwasa. Nanging akeh sing ora bisa dituku dening dhuwit, ora bisa diijoli bandha, ora bisa ditelukake dening kalungguhan utawa pangkat. Gusti Yesus anggone memulang kanthi kwasa kang gedhe, wong-wong padha eram, wong lara mari, sing kerasukan dhemit waras, malah wong mati uga tangi lan urip maneh. Saka ngendi kwasa lan kawenangane Gusti Yesus bisa nindakne sakabehing pakaryan mukjijat lan memulang? Gusti Yesus ora duwe bandha, dana, kalungguhan utawa pangkat. Anggone memulang lan martakake Injil Kratone Allah kang rawuh iku amarga panuntune Sang Roh Suci. Baptisane Yohanes Pembaptis dadi tenger anggone miwite pakaryane ing satengahing bangsa. Gusti Yesus beda karo para guru toret, wong Farisi lan para imam lan pinituwa. Wong-wong iku lulusan saka sekolah rabi ing Yerusalem, lan kajen kinurmatan ing satengahing bangsa amarga ngasta kalungguhan. Yagene Putrane Manungsa sing ora duwe susuh kanggo manggon, lan ora nduweni papan kanggo ngaso bisa duwe kwasa lan kawenangan sing gedhe kaya mangkono? Taun 2024 iki bangsa Indonesia bakal milih para wakil rakyat ing DPR, DPRD Propinsi, lan DPRD II. Bebarengan karo iku uga milih pasangan presiden lan wakil. Beda karo Gusti Yesus kwasa lan kawenangane iku asale saka Gusti Allah. Kalungguhan dadi anggota dewan perwakilan rakyat utawa pasangan presiden lan wakil iku cetha hasil pemilihan umum. Menawa Gusti Yesus makarya leladi kagem Gusti, DPR lan pasangan presiden lan wakil iku abdine rakyat, amarga dipilih dening rakyat, iya kudu tanggungjawab lan leladi kanggo kapentingan rakyat lan bangsa. |*YTP
Jemuwah, 8 Desember 2023 Minggu Adven I
Yeremia 1:4-10; Jabur 85:1-2, 8-13; L. Para Rasul 11:19-26 KAWITANE DISEBUT WONG KRISTEN “Bareng wis ketemu, Saulus nuli diajak menyang kutha Antiokia. Barnabas lan Saulus ana ing pasamuwan kono mulang wong akèh nganti setaun lawasé. Ya ana ing Antiokia kono para muridé Gusti Yésus wiwit disebut wong Kristen” (L. Para Rasul 11:19-26) Ing ilmu fisika ana hukum kelembaman Newton: Energi sing dibutuhake kanggo ngobahke barang sing mandeg supaya bisa obah iku luwih gedhe tinimbang energi sing dibutuhke kanggo njaga supaya barang sing wis mlaku tetep mlaku. Miwiti supaya sing sadurunge ora ana bisa dadi ana iku mbutuhke energi sing luwih. Pancen bener, sing wiwitan iku luwih abot lan rekasa tinimbang sing nglanjutake. Lelakone Para Rasul nyaritakne kahanan sing angel nalikane pasamuwan kawiwitan lan kabangun. Lan ing Anthiokia iku, patunggilan pasamuwan sing pracaya marang Gusti Yesus wiwit disebut minangka wong Kristen. Abad 21 iki agama Kristen dadi agama gedhe ing donya. Saka 7,8 milyar manungsa sadonya ing data tahun 2020, cacahe wong Kristen ana 31%, Islam 25%, Hindhu 15%, Buddha 6%. Sejarah adege pasamuwan Kristen saka kawitan kebak panganiaya, panguya-uya lan panindhes, malah kunjara lan pati. Nanging iku kabeh ora bisa ngalangi sumebare pawarta Injil Gusti Yesus lan Kratone Allah kang rawuh. Nalika wis dadi agama gedhe ing donya, aja lali menawa ing kawitan biyen pasamuwan Kristen iku mung pepanthan sing cilik lan ringkih ing antarane bangsa Yahudi lan bangsa-bangsa liyane. Kristen dadi agama gedhe amarga didadekne agama negara dening Kaisar Constantine ing abad IV. Sejarah kawitane pasamuwan memulang kita, supaya ora ngarah marang akehe wong sing dadi umat Kristen. Sing luwih dadi berkah kanggo donya iku dudu akehe wong Kristen, nanging wujud paseksesn anggone makarya leladi, amarga iman lan pengarep-arep ing Gusti Yesus. Akehe umat malah bisa dadi bebaya, dadi gaman politisi golek swara supaya bisa oleh kalungguhan lan kwasa nalika pemilu, kamangka dudu iku kersane Gusti. |*YTP
Kemis, 7 Desember 2023 Minggu Adven I
Hosea 6:1-6; Jabur 85:1-2, 8-13; I Tesalonika 1:2-10 TANSAH NGELINGI ING PANDONGA “Aku tansah padha saos sukur marang Gusti Allah merga kowé kabèh, sarta kowé tansah padha dakélingi ana ing pandongaku”. (I Tesalonika 1:2) Ndedonga kanggo wong liya iku tandha nggatekne lan ora nglalekne. Lan luwih saka ngelingi, ndongakne wong liya iku wujud sesambungan sing rumaket lan katresnan sing naleni. Ora bakal ana pandonga sing elek. Ndedonga tansah mujekake apa sing becik. Nyuwunake berkahe Gusti supaya ngreksa lan ngayomi kita. Rasul Paulus dadi tuladha, anggone nggatekne marang pasamuwan kayadene wongtuwa marang anak-anake. Siji lan sijine saben-saben tansah didongakne. Surat-surat sing ditulis dening Rasul Paulus lan kakirim marang pasamuwan-pasamuwan iku dadi layang katresnan sing dienteni, ditampa kanthi bungah, disuraos bebarengan ing pasamuwan. Ing jamane Rasul Paulus durung ana handphone, chat liwat whatsapp, utawa email. Nanging sakabehe alangan iku ora dadi alesan anggone Rasul Paulus tansah nulis surat, ngatag lan memulang pasamuwan, lan ora lali ndongakne pasamuwan ing ngarsane Gusti. Saben wong seneng menawa dielingi dening wong liya, apa maneh dening wong sing pinunjul lan dadi pangarsa ing urip bebarengan. Urip bebarengan ing pasamuwan luwih-luwih maneh, amarga siji lan sijine nunggil ing pasamuwan dadi sedulur ing brayate Gusti. Sikep sing nggatekne lan ngutamakne wong liya iku asil saka anggone sujud ing pandonga, ndongakne wong liya ing ngarsane Gusti. Latihan dhasar leladi ing pasamuwan iku diwiwiti anggone ndongakne wong liya, nyuwunake berkah ing urip bebarengan sakpasamuwan, ing urip bebarengan satengahing masyarakat, lan ing ing urip bebarengan sabangsa. Saiki jaman media sosial. Tinimbang dadi buzzer sing mung waton sulaya, njeplak lan ora njaga atine wong liya luwih becik kita eling lan sadhar, sowan mareg ing ngarsane Gusti srana pandonga, mugi Gusti melasi bangsa kita. |*YTP
Rebo, 6 Desember 2023 Minggu Adven I
Mikha 5:1-5a; Jabur 79; Lukas 21:34-38 SIYAGA LAN NDEDONGA “Padha siyagaa, lan tansah ndedongaa, supaya kowé diparingi kekuwatan bisa ngalami sing bakal kelakon mau kabèh kanthi slamet, sarta bisa sowan ing ngarsané Putrané Manungsa.” (Lukas 21:36) Nalika nonton pertandingan olahraga, kerep banget atlet sing menang sujud ing lapangan ngaturake panuwun lan sokur ing pandonga. Iya pemain bal nalika bisa nglebokne gol, iya pelari sing menang dhisik dhewe teka ing garis finish. Bisa uga pemain badminton nalika menangke pertandingan. Iku jenenge selebrasi. Ana pengaken, anggone menang iku amarga berkah lan kabegjan saka Gusti, ora mung amarga anggone sregep latihan, lan mempeng nyepakne awake sadurunge maju pertandingan. Wong sing ndedonga iku sadhar, ing urip iki Gusti Allah kwasa mranata lan ngreksa samubarang kabeh, kanggo karahayon kita. Mula kejaba nyambut gawe mempeng lan tumemen, uga kinanthenan pasrah sumarah, kanthi sujud ngaturake uripe ing ngarsane Gusti kang Mahakwasa. Gusti Yesus memulang supaya pada siyaga lan tansah ndedonga. Kahanan ing jaman akhir iki akeh bebaya sing bisa njiret wong sing lena. Gusti Yesus uga paring tuladha marang para murid. Saben esuk umun-umun nalika isih peteng, wungu lan mrelokne wektu kanggo ndedonga. Mangkono uga ana wanci bengi, munggah ing gunung lan ndedonga ing kono (ayat.37). Sanajan Gusti Yesus tansah dikupengi wong akeh saka esuk nganti bengi, lan repot ngladeni sing padha ngenteni piwulang lan nyuwun tulung, nanging Gusti Yesus paring tuladha anggone ngelengake wektu kanggo sowan ing ngarsane Gusti lan sujud ndedonga. Siyaga lan ndedonga iku urip sing katur konjuk ing ngarsane Gusti. Ora mung tata lair saben-saben sembahyang, apa maneh anggone sembahyang dipamer-pamerke marang wong liya. Ndedonga iku ora prelu dadi selebrasi, wong awake dhewe iku iya dudu celebriti, dudu artis, dudu atlet utawa pemain olahraga sing kondhang lan disiarke ing berita. Mangga siyaga lan ndedonga. |*YTP
