+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 6 Oktober 2023, Minggu  Limrah XXII

Pangentasan 23:14-19; Jabur 19; Filipi 2:14-18, 3:1-4a

EKLAS

“Lakonona samubarang kabeh kalawan tanpa panggrudel lan suwala

(Filipi 2:14)

Raos eklas ing saklebeting nampeni pambengan ing gesang utawi nglampahi ayahan gesang punika sanget dipun betahaken. Ananging ing kasunyatanipun punapa saged dipun lampahi kanthi gampil? Raos eklas ing gesang punika perlu dipun gladhi. Saksisih punika minangka tiyang pitados ing gesang punika prayogi manawi kita nggadhahi penggalihan positif (positif thingking) ing saklebeting ngadhepi perkawis-prekawis ing gesang kita.

Supados kita nggadhahi manah ingkang eklas ing gesang punika, prayogi kita ngrumaosi:

  1. Ing gesang kanugrahan peparingipun Gusti punika kita boten saged uwal saking pambengan gesang
  2. Roh Suci  badhe paring pitulungan lan panuntun (Efesus 1:13-14)
  3. Gusti Allah punika tansah setya ing gesang kita lan badhe paring pitulungan (Yesaya 46:4, 1 Korinta 10:13)

Ing saklebeting mbabaraken gesang rahayu ingkang sampun dipun tampeni, warga pasamuwan ing Filipi katimbalan: tansah nglampahi gesang kanthi wedi lan geter (Filipi 2:12), utawi kanthi saestu-estu. Saksisih punika tanpa kanthi panggrundel (eklas) supados boten kaciren lan tanpa cacat, dados para putranipun Gusti Allah, ugi boten cacat ing satengahing masyarakat ingkang keblinger lan mblasar, saged sumunar kados lintang-lintang ing jagad. Punika mujudaken tanggel jawabipun warga pasamuwan ing Filipi. Namung ing ngriki warga pasamuwan ing Filipi nindakaken ingkang mekaten punika boten ateges supados dipun alem dening tiyang-tiyang ing sakiwa-tengenipun. Punapa ingkang katindakaken namung tumuju supados asmanipun Gusti tansah kaluhuraken.

Mekaten ugi gesang kita sakmangke  nggadhahi tanggel jawab ingkang sami kaliyan warga pasamuwan ing Filipi wekdal semanten, awit kita ugi sampun nampi kawilujengan jati  saking Gusti Yesus. Sumangga  kita mbabar gesang kinanthenan raos sokur, kebak ing tanggel jawab lan nggadhahi manah ingkang eklas. Punika dados prinsip gesang pendherekipun Gusti Yesus. Kita ugi pitados bilih Gusti badhe tansah mberkahi lan nuntun gesang kita. |*SB

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ