+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 5 Oktober 2023, Minggu  Limrah XXII

Pangentasan 23:1-9; Jabur 19; Kolose 2:16-23

MBABAR KATRESNAN

“Sira aja nyebar kabar goroh. Aja mbiyantu wong kang luput

lan gelem dadi seksi rerekan”

(Pangentasan 23:1)

Ing wekdal punika kita gesang ing jaman edan. Wonten ing wekdal punika, asring kedadosan “ ukum “ kethul manginggil lan landhep dhateng ngandap. Ugi ing gesang kemasyarakatan asring kelampahan tiyang ingkang cacahipun kathah ingkang menang utawi dipun utamekaken. Kosokwangsulipun, ingkang cacahipun namung sekedik asring nampi panindes lan tumindak ingkan boten adil. Dhawuhipun Gusti ing Pangentasan 23:1-3 paring piwucal  supados umatipun Gusti tansah tuhu setya dhateng dawuh pangandikanipun Gusti ing kawontenan punapa kemawon. Umat kagunganipun Gusti boten kepareng nyebar kabar goroh, boten pareng mbiyantu (tegesipun berpihak) dhateng tiyang lepat lan boten dados seksi rerekan. Ugi maeka tiyang kathah ingkang nindakaken piawon ingkang ndadosaken doyonging pangadilan.

Kosok wangsulipun, minangka para kagunganipun Gusti, kita katimbalan supados paring pitulung nyata dhateng mengsah (ayat 4-5) lan paring pitulungan dhateng tiyang miskin ing perkawis kaadilan. Boten pareng tumindak culika, boten pareng nampeni besel (ayat 6-7), lan boten pareng nindhes tiyang neneka.

Mbabar katresnan ing gesang kados ingkang dipun kersakaken dening Gusti punika boten gampil; malah kepara asring karaosaken rekaos. Nanging boten ateges ndadosaken kita nglokro  utawi boten prelu nindakaken bab punika. Ananging kangelan punika mujudaken tantangan tumrap kita supados sangsaya grengseng anggen kita mbabar dawuhipun Gusti kinanthenan sumendhe dhateng Gusti.

Dhawuhipun Gusti punika mujudaken timbalan kangge kita. Mila Gusti ngersakaken supados wonten cumawising manah ingkang saestu kangge nindakaken, legawa sarta eklasing manah. Dados boten wonten raos awrating manah, rumaos kepeksa. Kita kedah pitados manawi Gusti paring dhawuh lan nimbali kita nindakaken satunggaling prekawis, temtu kemawon Gusti Allah pirsa yen kita punika saged nindakaken dhawuhipun. Tamtu sauger kita boten ngendelaken kekiyatan piyambak, ananging tansah nyuwun pitulunganipun Gusti. Amin |*SB

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ