+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 4 Oktober 2023, Minggu  Limrah XXII

Pangentasan 19:9b-25; Jabur 42; Mateus 9:1-8

PANGUWAOSIPUN GUSTI YESUS

“Nanging  supaya kowe  padha sumurup, yen Putraning Manungsa duwe panguwasa ngapura dosa ana ing bumi iki, …”

(Mateus 9:6-7)

Minangka para kagunganipun Gusti Yesus, mesthinipun kita mangertos lan pitados bilih Guti Yesus punika kagungan panguwaos ingkang boten winates, awit Gusti Yesus punika Allah piyambak.  Wonten ing waosan kita, para ahli Toret lan tiyang sanesipun boten mangertos sinten Gusti Yesus, mila rikala Gusti Yesus ngendika dhateng tiyang lumpuh : “ He, ngger, sing enak bae atimu, dosamu wus kaapura!“. Para ahli Toret punika nganggep Gusti Yesus nyenyamah dhateng Allah!“. Gusti Yesus nanggapi para ahli Toret punika kanthi ngendika: “Gampang endi kandha: Dosamu wus kaapura, karo kandha: ngadega lan lumakua?. Nanging kowe supaya padha sumuru, yen Putraning Manungsa duwe panguwasa ngapura dosa ing bumi iki!“. Gusti Yesus lajeng ngendika dhateng ingkang lumpuh: “Ngadega, paturonmu angkaten lan muliha!“. Tiyang lumpuh punika lajeng banjur ngadeg lan kesah.

Kanthi dhawuh pangandikanipun Gusti ingkang kita tampeni ing wanci punika kita kaparingan pangretosan bab Gusti Yesus ingkang Mahakuwaos lan nresnani manungsa. Punapa kita saestu pitados kanthi saestu dhateng Gusti Yesus?  Perkawis punika saged ketingal wonten ing gesang kita padintenan. Kadospundi sikep kita rikala wonten perkawis utawi pambengan ing gesang:  ndadak sakit, anggota brayat  nampeni perkawis ukum lan sanes-sanesipun. Punapa kita dhawah ing raos ajrih lan kuwatos ingkang sanget? Kamangka sejatosipun Gusti Yesus minangka pangen ingkang utami punika tansah nunggil ing gesang kita, kersa bandhe paring pitulungan.   

Ing saklebeting gesang punika, Gusti Yesus ngersakaken kita sami pitados dhumateng Panjenenganipun kanthi wetah, boten setengah-setengah. Contonipun nalika wonten anggota brayat kita ingkang nandhang sakit: awit seserepan kita bab sesakit punika saged ndadosaken kita ngrumiyini kersanipun Gusti. Gusti Allah punika kagungann panguwaos ingkang boten winates. Panjenenganipun boten namung saged nyarasaken badan ingkang sakit ananging ugi saged ngapunteni dosa kita lan mulihaken gesang kita sawetahipun.|*SB

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ