+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 3 Oktober 2023, Minggu Limrah XXII

Pangentasan 18:13-27; Jabur 42; Filipi 1:1-21

KABEGJANING GESANG

“Awit  mungguh ing aku urip iku Sang Kristus, dene mati iku kabegjan

(Filipi 1:21)

Mbok bilih wonten kalih wawasan bab kabegjan ingkang dados pangajeng-ajengipun tiyang gesang:

  1. Gesang begja awit gesangipun kacekapan bandha, gadah kelenggahan ing papan padamelan utawi ing masyarakat, semah nggantheng lan gagah / estri sulistya ing warna.
  2. Gesang begja amargi saged nampeni kawilujengan jati. Punika adhedasar  dawuhipun Gusti Matius 16:26, “Apa gunane oleh donya iki kabeh, yen kelangan nyawane? Lana apa kang bakal diaturake minangka ijole nyawane?”   Kawilujengan punika namung wonten ing Gusti Yesus (Yokanan 3:16 ).

Dhateng pasamuwan ing Filipi Rasul Paulus paring paseksi iman kanthi pratelan : “Awit mungguh ing aku urip iku Sang Kristus, dene mati iku kabegjan.” (Filipi 1:21). Ing ngriki Rasul Paulus ngraosaken bab agenging sihipun Gusti dhumateng piyambakipun.

Rumiyin, Paulus utawi Saulus ngancam malah rumaos nggadhahi wenang kangge mejahi para pendherekipun Sang Kristus (L. Pr. Rasul 9:1-2). Ananging rikala badhe mlebet ing kitha Damaskus, Gusti Yesus ngrawuhi piyambakipun. Paulus rumaos kedahipun kaukum pejah, nanging Gusti Yesus ngapunteni dosanipun lan ngutus supados kesah dhateng kitha, ing ngriku piyambakipun badhe dipun dhawuhi punapa ingkang kedhah dipun tindakaken. Malah ing selajengipun Paulus dipun pitaya dados utusanipun Gusti Yesus Kristus.

Dados tumrap rasul Paulus gesang punika kagem lelados dhateng Gusti Yesus. Rasul Paulus tansah martosaken Injilipun Sang Kristus lan ngrimati pasamuwan-pasamuwan kagunganipun Gusti. Rasul Paulus ugi pitados bilih saksampunipun tilar donya piyambakipun badhe nampeni kamulyan kados prasetyanipun Gusti.

Kita para kagunganipun Gusti sakmesthinipun ugi nggadhahi pemahaman lan pitados ingkang dipun pratelakaken Rasul Paulus. Mila sumangga kita mbabar timbalanipun Gusti punika kanthi suka bingah ing manah lan kebak tanggel jawab kanthi tansah sumendhe dhumateng Gusti. Amin. |*SB

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ