+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 2 Oktober 2023, Minggu Limrah XXII

Pangentasan 18:1-12; Jabur 42; Filipi 1:3-14

RESIK LAN ORA CACAT

supaya kowe padha dadia resik lan ora cacat

ngarepake dinane Sang Kristus

(Filipi 1:10b)

Tiyang Kristen punika tiyang ingkang sampun nampeni pangapuntening dosa saking Gusti Yesus. Kanthi pangapunten saking Gusti Yesus punika kawontenanipun tiyang Kristen sampun resik wonten ngarsanipun Gusti Allah. Ing saksisih punika tiyang Kristen ugi nampeni prasetya saking Gusti badhe nampeni gesang langgeng / kasampurnaning kawilujengan.  Mila tiyang Kristen nggadhahi tanggel jawan tumrap gesangipun ingkang sampun resik punika.

Filipi 1:3-14 nyariosaken bilih kawontenanipun warga pasamuwan ing Filipi punika sae, kados ingkang dipun pratelakaken dening Rasul Paulus wnten ayat 6-7.  Gesanging warga pasamuwan ingkang sae punika sanes wohing pambudidaya warga pasamuwan, nanging Gusti Allah ingkang mitulungi. “…,manawa Panjenengane kang miwiti, pakaryan becik ana ing antaramu, iku bakal mbacutake nganti tumeka ing dinane Sang Kristus “. ( Filipi 1:6 ). Mila Rasul Paulus ndongakaken pasamuwan supados kawontenanipun pasamuwan sangsaya mundak-mundak katresnanipun, ing seserepan ingkang leres lan ing sarupining pangertosan ( ayat 9 ).

Lumantar dawuhipun Gusti punika  kita sami saos sokur awit :

  1. Gesang kita sampun kawilujengaken dening sih rahmatipun Gusti Allah wonten Gusti Yesus Kristus
  2. Kita nampeni prasetyanipun Gusti inggih punika gesang langgeng ing Kraton Swarga
  3. Gusti Allah tansah nganthi para kagunganipun dumugi dintenipun Sang Kristus
  4. Kita sakmesthinipun nyjagi gesang kita ingkang sampun resik kanthi gesang ajrih asih dhateng Gusti lan gesang tansah saos sokur ing sadaya kawontenan

Cetha sanget  bilih gesang kita punika wonten ing salebeting jaminan saking Gusti Yesus, mila gesang ing saos sokur punika sampun samesthinipun. Punapa wujuding gesang saos sokur punika ? Inggih punika gesang ing salebeting pitados wetah dhateng Gusti lan setya nindakaken dhawuhipun Gusti. |*SB

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ