+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 1 Oktober 2023, Minggu Limrah XXII

Pangentasan 17:1-7; Jabur 78:1-4, 12-16; Filipi 2:1-13; Lukas 21:23-32

NGESTOKAKEN DHAWUHIPUN GUSTI

Nabi Musa iya tumuli ngestokake kaya mangkono

ana ngarepe tuwa-tuwane Israel“

(Pangentasan 17:6b)

Tiyang ingkang dados pemimpin punika mbetahaken pirantos kepemimpinan antawisipun inggih punika a. Seserepan bab mimpin, b. Tansah purun sinau, c. Tansah nyuwun pitulungan lan kawicaksanan saking Gusti.

Nalika Nabi Musa lan umat Israel dumugi ing Rafidim. Ing papan punika boten wonten toya, lan bangsa Israel madoni Nabi Musa. Nabi Musa ngajak umat Israel supados boten madoni panjenenganipun lan nyobi dhateng Pangeran Yehuwah. Umat Israel malah ngundhomono nabi Musa lan boten saged ngendaleni diri, malah badhe mejahi Nabi Musa (Pangentasan 17:2-4c).

Ngadhepi kawontenan punika Nabi Musa sowan ing ngarsanipun Sang Yehuwah, nyuwun pitulungan; punapa ingkang kedah dipun tindakaken? Sang Yehuwah paring dhawuh: supados Nabi Musa kairingaken dening tuwa-tuwaning umat Israel mlampah ing sakngajenging umat kanthi mbekta teken ingkang kangge nyabet bengawan Nil. Nabi Musa midherek punapa ingkang dados dhawuh pangandikanipun Sang Yehuwah, teken dipun sabetaken ing parang redi Horeb, matemah medal toyanipun lan umat Israel saged nampeni toya.

Lumantar dawuh pangandikanipun Gusti punika kita saged nampeni piwucal, bilih:

  1. Gusti Allah tansah nyjangkung lan ngrimati umat kagunganipun
  2. Menawi kita nembe nampeni momotan utawi pambengan boten perlu nglepataken pihak sanes, awit Gusti kagungan rancangan ingkang sae kangge gesang kita
  3. Kita kaatag sareng-sareng mrantasi lan ngrampungi pambengan ing gesang kanthi tansah ngendelaken Gusti lan tansah nglampahi dawuhiPun.

Sumangga ing saklebeting mbabaraken gesang kanugrahanipun Gusti punika kita tansah nyepengi piwucal ing nginggil. Punika ugi boten gampil, awit ing saklebeting mbabar gesang kanthi nyepengi piwucal saking Gusti taksih wonten panggodha. Mila saking punika kedah wonten krenteging manah ingkang saestu lan lajeng dipuntindakaken kanthi tansah nyuwun pitulunganipun Gusti. Mugi kita sami saged nampeni karaharjan ing gesang awit berkahipun Gusti. |*SB

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *