+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 30 September 2023 Minggu Limrah XXI

Wilangan 27:12-14; Jabur 78:1-4, 12-16; Markus 11:27-33

TANDHA PANGRIMATIPUN GUSTI

“ing wayah awan lakune para umat dituntun kalawan mega,

ing wayah bengi kalawan padhanging geni.”

(Jabur 78:14)

Ngrimati punika dados salah satunggaling tumindak ingkang mboten namung katindakaken sepisan kemawon. Contonipun ngrimati taneman punika kedah kanthi rutin anggenipun nyirami, ngrabuk, lan sapiturutipun. Intinipun ngrimat menika ateges pakaryan ingkang tansah dipuntindakaken. Tujuanipun dipun rimati supados taneman punika saged tuwuh, ngrembaka, lan ngedalaken woh.

Gusti Allah ingkang akarya jagad ugi kersa ngrimati titahipun. Gusti Allah tan kendhat anggenipun ngrimat sedaya titah lumantar katresnanipun. Salah satunggalipun bukti bilih Gusti Allah ngrimati inggih punika lumantar pengalaman gesangipun bangsa Israel. Kathah bukti ingkang nyariyosaken bilih Gusti Allah tansah ngrimat umat kagunganipun. Kados kekidungan wonten ing kitab Jabur anggitanipun Asaf ingkang nyariyosaken kados pundi pangrimatipun Allah menika ketingal elok. Wonten ing sedaya kawontenan Gusti Allah tansah nganthi saha nuntun umatipun. Nalika umat mlampah wonten ing ara-ara samun. Siyang dalah ratri umat dipun tuntun wonten ing pangrehipun. Panjenenganipun ingkang mangertosi menapa ingkang dipun betahaken dening umat kagunganipun. Bilih nalika siyang ingkang kawontenanipun benter, Gusti Allah nuntun umatipun srana mega. Dene ing dalu ingkang peteng, Gusti Allah ugi maringi padhang srana geni, supados madhangi margi ingkang badhe dipun lampahi dening umat. Geni punika ingkang ngayomi umat saking hawa asrep  wonten ing ara-ara. Inggih kados makaten tandha pangrimatipun Gusti Allah, dhateng lelampahan gesang ingkang dipun raosaken dening umat Israel kala semanten.

Mekaten ugi gesanging umatipun Gusti ing jaman sakpunika. Pangrimatipun Gusti tansah kababar ing gesang kita. Saben wekdal Gusti Allah maringi berkah ingkang boten saged dipun etang. Punika dados tandha pangrimatipun Gusti Allah wonten ing sauruting gesang kita. |*SEP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ