+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 29 September 2023 Minggu Limrah XXI

Wilangan 20:1-13; Jabur 78:1-4, 12-16; Lelakone Para Rasul 13:32-41

PAWARTOS KABINGAHAN

“Pramila ndadosna ing kauningan, para Sadherek, margi saking Panjenenganipun punika, panjenengan sadaya sami kawartosan bab pangapuntening dosa…” (Lelakone Para Rasul 13:38a)

Jaman samangke kathah pawartos ingkang sumebar lumantar handphone. Sae menika pawartos ingkang wosipun ndadosaken ajrih lan was sumelang, punapa dene pawartos ingkang wosipun ndayani saha nuwuhaken raos bingah. Anggenipun nampi pawartos kedah kanthi wicaksana, amargi kathah pawartos ingkang ngapusi, ananging ugi kathah ingkang leres. Kita sadaya tamtu nggadhahi  pangajeng-ajeng manawi nampi pawartos punika nggih ingkang sae kemawon miturut kabetahan kita.

Nalika rasul Paulus lan Barnabas dumugi ing Antiokhia, kekalihipun tindak dhateng ing papan pangibadah. Sasampunipun kawaosaken angger-anggreing Toret lan kitab para nabi, para punggawaning papan pangibadah nyuwun supados Paulus lan Barnabas medhar pangandika minangka pambangun saha panglipur tumrap umat. Rasul Paulus lajeng jumeneng saha medhar pangandika minangka pawartosing kabingahan. Wosing pangandika punika bab pakaryanipun Gusti Allah ingkang kawiwitan saking lelampahaning bangsa Israel lan tedhak turunipun, dumugi rawuhipun Gusti Yesus Kristus ingkang milujengaken jagad. Gusti Allah ingkang ngasihi dhateng jagad, sampun masrahaken ingkang Putra kangge milujengaken manungsa saking dosa. Rasul Paulus nelakaken supados pawartos punika dados kauningan dhateng pasamuwan. Punapa ingkang dipun wedharaken dening Paulus jumbuh kaliyan ingkang kasuwun dening punggawaning papan pangibadah. Pasamuwan nampi panglipur jati saha pambanguning kapitadosanipun.

Punapa ingkang dipun ngendikakaken dening rasul Paulus punika ugi minangka pawartos kabingahan tumrap kita. Kita kaparingan panganpuntening dosa lumantar pakaryanipun Gusti Yesus Kristus. Punika dados pratandha bilih Gusti Yesus nresnani kita. Pawartos punika estunipun mbingahaken tumraping kita ingkang pitados. Pramila sumangga tansah saos sokur. |*SEP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ