+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 28 September 2023 Minggu Limrah XXI

Yesaya 48:17-21; Jabur 78:1-4, 12-16; Yakobus 4:11-16

KARAHAYONING TIYANG KANG NGABEKTI

“Manawa sira nggatekake marang dhawuh-dhawuhingSun, tentrem rahayunira bakal kaya kali kang ora tau asat, lan kabegjanira bakal terus luber kaya ombaking sagara kang ora tau leren.”

(Yesaya 48:18)

Rahayu punika mboten namung ateges slamet ananging ugi begja. Dene begja punika gegayutan kaliyan prekawis ingkang damel mareming manah. Prekawis ingkang maremaken manah mboten namung magepokan kaliyan punapa ingkang ketingal, ananging ugi estu karaosaken wonten ing telenging batos. Tiyang ingkang rahayu punika mboten namun kaetang mawi ukuraning bandha ingkang dipun gadhahi, ananging ugi kawruh saha patrap gesang ingkang dipun udi cundhuk kaliyan dhawuhipun Gusti. Nabi Yesaya ngemutaken kados ingkang kaserat wonten ing ayat 18 “Manawa sira nggatekake marang dhawuh-dhawuhingSun, tentrem rahayunira bakal kaya  kali kang ora tau asat, lan kabegjanira bakal terus luber kaya ombaking sagara kang ora tau leren.”

Gegambarang tiyang ingkang rahayu punika kadya lepen ingkang mboten nate asat malah luber kadya ombaking saganten ingkang mboten nate mandeg. Pitakenanipun kados pundi anggenipun ngudi karahayon punika? Miturut pangandika ingkang kawedhar dening nabi Yesaya, tiyang ingkang ngestokaken dhawuhipun Gusti Allah wonten ing gesang padintenan punika, ingkang kasebat tiyang ingkang rahayu. Ananging saestu cilaka, manawi wonten tiyang ingkang ketingal sae ing tata lair, ananging karohanenipun asat lan garing. Mila gesanging kajasmanen lan karohanen punika kedah seimbang. Saben tiyang kepareng makarya lan nggadhahi pangajeng-ngajeng gesang ingkang mulya. Ananging kedahipun ugi dipun imbangi srana ngudi tata gesang karohanen iggih punika ngestokaken dhawuhipun Gusti. Dhawuhipun Gusti menika minangka teken saha cepengan, supados sampun ngantos dhumawah ing perkawis ingkang mboten sae. Dados mboten ateges tiyang Kristen punika mboten pareng pados rejeki supados mulya. Tiyang Kristen dipun keparengaken pados bandha lan kabetahaning gesangipun kanthi lampah lan cara ingkang trep lan jumbuh kaliyan dhawuhipun Gusti. Ananging karahayon ingkang sejati punika badhe karaosaken nalika saben tiyang tansah ngabekti mring Gusti.|*SEP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ