+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 27 September 2023 Minggu Limrah XXI

Wilangan 11:18-23, 31-32; Jabur 119:97-104; Matius 18:1-5

NGGEGILUT ANGGER-ANGGERIPUN GUSTI

“Kawula punika tresna sanget dhateng angger-angger Paduka,

sadinten muput kawula gilut-gilut.”

(Jabur 119:97)

Lare sekolah minggu asring ngidungaken pepujen ingkang kados makaten:

Baca Kitab Suci doa tiap hari, doa tiap hari, doa tiap hari

Baca Kitab Suci doa tiap hari kalau mau tumbuh

Kalau mau tumbuh, kalau mau tumbuh

Baca kitab Suci doa tiap hari kalau mau tumbuh

Pepujen punika dados pemut supados saben tiyang, kawiwitan saking taksih alit dipun tepangaken kaliyan Kitab Suci lan sianu ndedonga saben dinten. Dados wiwit saking lare alit sampun dipun wulangaken bab disiplin karohanen, supados kawontenaning iman lan kapitadosanipun dhumateng Gusti punika sangsaya tuwuh, lan sangsaya kiyat. Satemah nalika dhiwasa sampun biasa anggenipun ndedonga saha maos Kitab Suci, nggegilut lan nindakaken dhawuhipun Gusti Allah wonten ing gesang padintenan. Kanthi mekaten saben tiyang gadhah raos tresna dhateng angger-angger saha dhawuhipun Gusti. Sawernining tumindak manawi sampun biasa utawi asring dipun tindakaken, temah saged nuwuhaken raos tresna. Kados tresna dhateng angger-anggeripun Gusti, punika ugi kedah kanthi cara dipun epangaken rumiyin kawiwitan saking lare utawi dipun biasakaken. Juru Mazmur nelakaken raos tresnanipun dhateng angger-angeripun Gusti, malah anggenipun nggegilut menika sadinten muput.

Ingkang dipun pratelakaken dening Juru Masmur punika katindkaaken mboten namung sepindah utawi kaping kalih, ananging katindakaken kanthi rutin. Sinten ta tiyang ingkang saged nggegilut angger-anggeripun Gusti sedinten muput? Inggih namung tiyang ingkang tresna dhumateng Gusti Allah kemawon. Tiyang ingkang nggegilut angger-anggeripun Gusti Allah, mboten namung saged ngucapaken kanthi jangkep, ananging ugi saged nindakaken angger-anggeripun Gusti Allah ing gesangipun. Punapa kita ugi nggadhahi raos tresna dhateng angger-anggeripun Gusti? Punapa kita saestu purun nggegilut srana nindakaken dhawuhipun Gusti Allah wonten ing gesang padintenan? |*SEP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ