+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 7 Oktober 2023, Minggu  Limrah XXII

Pangentasan 23:10-13; Jabur 19; Yokanan 7:40-52

ANGGER-ANGGERIPUN SANG YEHUWAH IKU SAMPURNA

“Angger-anggere Sang Yehuwah iku sampurna,

nyegerake nyawa, aweh kawicaksanan

marang wong kang ora duwe pengalaman

(Jabur 19:8)

Ing saklebeting mbabaraken gesang nugraha saking Gusti punika kita mbetahaken kawicaksanan. Kawicaksanan punika perlu dipun sinaoni lan dipun gladhi. Kita saged sinau lumantar seserepan saktata umum, saking pangandikanipun Gusti lan ugi lumantar pengalaman ing gesang. Gladi inggih punika purun nindakaken, manawi dereng saged, boten mandeg, nanging dipun cobi kanthi semangat lan pitados bilih Gusti badhe maringi kasagedan.

Pangandikanipun Gusti ing Jabur 19:7 nelakaken bilih lumantar pakaryaning astanipun Gusti Allah kita saged ningali lan ngraosaken kamulyahnipun Gusti. Saben enjing kita saged ningali surya mlethek wonten sisih wetan lan ing wanci sonten surya angslup ing sisih kilen. Ing wanci dalu kita saged ningali rembulan lan lintang-lintang. Sedaya wau saged nuwuhaken musim lan mangsa,  saestu mulya lan endah pakaryanipun Gusti.

Jabur 19:8-15 paring piwucal bab wigatosing angger-angger, pranatan, dalah pangandikanipun Gusti. Juru Masmur ugi maringi paseksi sedaya punika nyegeraken nyawanipun, patitis, mbingahaken manah, murni lan ndadosaken mripat sumorot. Endhahipun nglangkungi slaka, malah slaka murni kathah, manisipun nglangkungi madu, malah nglangkungi rembesing madu saking tala tawon. Saestu sae lan prayogi punapa ingkang dados kapitadosanipun juru Masmur dhumateng Gusti Allah lan nelakaken wonten sesambetan ingkang caket lan raket dhateng Gusti.

Kita sami, para kagunganipun Gusti tansah dipun engetaken dening pangandikanipun Gusti punika. Sadaya tiyang ingkang netepi dawuhipun Gusti kanthi bingahing manah badhe nampeni ganjaran ageng. Mila sumangga kita sami nampeni, ngaosi angger-angger ugi pangandikanipun Gusti punika. Saklajengipun prelu kita tindakaken kanthi saestu lan tanpa wigih-wigih sarta nyuwun pitulunganipun Gusti. Kanthi mekaten gesang kita badhe ndadosaken keparengipun Gusti, matemah Asmanipun Gusti kaluhuraken. |*SB

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ